Tata jirna (manungsa)

Tata jirna utawa tata panjirnan kuwi olah-prakaraning panganan dijurké lan diserep awak, iki kapérang saka slonthong panjirnan tinambah organ panjirnan panjangkep kayata ilat, klanjer idu, pengkréas, ati lan kantong emperu. Panjirnan kuwi kalebu paluluhan lan pamecahan panganan tumuju reremit alus supaya isa diserep giziné déning awak sabanjuré dibuak awujud telék.
Pérangan
[besut | besut sumber]Ana sawetara organ kang aprakara ing tata jirna. Organ panjirnan kang nggoné ana ing njaba slonthong panjirnan kuwi arané organ panjirnan panjangkep, Iki kayata ilat, cangkem, klanjer idu, ati, kantong emperu, lan pengkréas. Pérangan liyané uga untu lan tekak.
Cangkem
[besut | besut sumber]Cangkem kuwi pérangan wiwit saka slonthong panjirnan kang dipiranti karo sawetara panyusun.[1][2] Iki kalebu klanjer idu, untu lan ilat. Cangkem kuwi utamané kasusun saka émpér cangkem karo gronggongan cangkem.[3] Gronggongan cangkem kuwi akéhé linapis karo mukosa cangkem, yaiku klamar ayid pangasil yiyid kang gunané mblonyohi panganan supaya gampang dipangan. Jat utama yiyid iki yaiku glikoprotéin kang arané musin lan nduwéni macém-macém udalan gumantung nggoné némplok. Ing ngisoré klamar ayid ana lapisan tipis klasutan otot alus lan gegantukan logro kang marakké cangkêm kuwi iso kenyel lan lemes.[4]
Klanjer idu
[besut | besut sumber]Ana telung pasang klanjer idu saka 800-1000 klanjer idu cilik, kabeh kuwi gunane njaga kabagasan untu, kajelasan ngomong, lan mblonyohi panganan supaya gampang ajur.[5] Jinising klanjer idu utama kuwi klanjer éksokrin, yaiku klanjer kang ngudal jat-jat klanjer metu liwat klasutan lan dudu liwat wewuluh getih. Pasangan klanjêr idu paling gedhé kuwi klanjer kur-wehang (parotid gland) kang mapan ana ing pungkurané wehang ngarep kuping, bar iku ana klanjer sor-wehang (submandibular gland) kang nggoné ana ing ngisor wehang, lan pasangan pungkasing ana klanjer sor-ilat (sublingual gland) kang nggone ana ing ngisor ilat.
Idu
[besut | besut sumber]Idu kuwi cuwéran ayid kang mblonyoh lan nglemeské panganan pas dikunyah karo untu lan ngowah panganan dadi bolus. Bar kuwi bolus mudun wadhuk liwat gurung dening pitulungan idu supaya lancar mlakuné. Sing paling penting kuwi uga énjim panjirnan kaya amilase lan lipase kang kinandut ana ing idu. Amilase kuwi tugasé mecah pati ana ing karbohidrat dadi gula samadya, menawa lipase kuwi mecah lemak. Mecah-mecah jat panganan iki mitulungi usus supaya iso nyambut nggawé kanthi lancar.[6]
Untu
[besut | besut sumber]Untu kuwi balung-balung cilik putih rinumenggan cangkem kang kasusun saka zat-zat istiméwa. Untu kuwi akéh jinisé gumantung nggoné lan pigunané. Untu paling ngarep kuwi arané untu keret kang bentuké kotak lan gunané ngetok sarta ngeret panganan. Untu siyung kuwi sak bare untu keret, bentuke lancip kaya untu asu lan gunane nyowék. Mburiné manéh ana bahem ngarep lan bahem mburi kang gunane ngunyah lan ngaluské panganan.[7]
Tekak
[besut | besut sumber]Tekak kuwi beblakan athik-athikan wredu kang tumémpél ana ing pangkal gorokan. Iki gunané kanggo ngatur panganan supaya mlebu ing dalan sing bener, yaiku menyang gurung lan dudu menyang swasanala.
Eled-eled
[besut | besut sumber]Eled-eled kuwi bagéan kang nalangi tata ambeg lan tata jirna. Iki pérangan gorokan kang nggoné ana ing mburi gronggongan irung lan cangkem, nduwuré gurung lan kantha.
Gurung
[besut | besut sumber]Gurung kuwi seslonthong otot kang nyalurké panganan saka cangkem tumuju wadhuk. Panganan sing wis dadi bolus mlebu gurung kanthi pamungkredan sarta pancerangan kang diarani solah peristaltik
Wadhuk
[besut | besut sumber]Wadhuk kuwi jeroan utama ana ing tata jirna. Iki biyasane bentuké kaya pengkal kang nduwure nyambung gurung lan sangisore nyambung langsung karo usus rolas-driji. Wadhuk ngandung asem lambung kang utamané saka jat asem hidroklorik lan asem klorid. Hormon peptid, lan gastrin kang diasilaké sél G ing klanjer lambung nggiatké énjim panjirnan supaya pada metu ngajurké panganan.
Wadhuk kuwi jeroan kang isa njembréng lan ngandhut sak liter panganan. Panjembréngan iki Isa kalakon dening lempitan-lempitan lambung kang ana njeroning tembok wadhuk. Wadhuking bayi sing entes mbrojol mbur isa njembréng lan ngandhut isi nganti 30 ml..[8]
Limpa
[besut | besut sumber]Limpa kuwi jeroan pela-pelu kang asliné nduwe tugas penting in tata jirna..[9] Limpa ngancurké sél getih abang lan sél getih putih kang wis tua, ancur-ancurané iki arane bilirubin. Bilirubin iki dikirim tumuju ati guna ngetokké emperu.
Ati
[besut | besut sumber]Ati kuwi jeroan abang-coklat kang paling jêmbar sawisé kulit lan kalebu klanjer panjirnan panjangkep kang wiguna kanggo metabolisme awak. Ati ngawawisani macem-macem metabolit, ngesintésis protéin lan ngasilaké jat biokimia kanggo lancaré panjirnan. Iki nggelit cadangan glikogén kang isa kabéntuk saka glukosa glikogénésis. Ati uga isa ngesintésis glukosa dadi asam amino. Piguna kang paling wigati yaiku mecah karbohidrat lan mbrédéli kolésterol. Liané manéh, ati uga isa ngowah lipoprotéin dadi lemak kanthi olah-prakara lipogénésis.[10]
Emperu
[besut | besut sumber]Emperu kuwi diasilaké ati kang susunané banyu (97%), uyah emperu, yiyid, jat warna, lemak (1%), lan uyah anorganik. Bilirubin kuwi seng marnani emperu lan marakké rasané dadi pait. Emperu kuwi surpaktan kang ngudunke lan nglemeské gésékan antarané cuwéran lan padhêtan sarta ngémulsikké lemak. Lemak panganan kuwi diprétéli dadi unit kang luwih cilik arane misél. Pamrétélan Iki ngasilake lumah kang luwih jembar agawé kerjané énjim pengkréas.
Kantong emperu
[besut | besut sumber]Kantong emperu kuwi kantong kang gunané nyimpen cadangan emperu kang diasilaké ati sadurungé ditokké menyang usus cilik. Emperu ditokké kantong emperu gegara hormon kolesistokinin kang diasilaké usus rolas-driji.
Pengkréas
[besut | besut sumber]Pengkréas kuwi klanjer panjirnan panjangkep kang kalebu klanjer éndokrin uga klanjer éksokrin. Klanjêr éndokrining ngudal insulin nalika gula getih nglunjak dhuwur. Insulin mindah gula saka getih menyang otot lan klasutan saliyane supaya didadékké tenaga. Pengkréas ngumpet ana ing ngisor-mburiné wadhuk.
Slonthong panjirnan ngisor
[besut | besut sumber]Iki kalebu usus alus, lan iso (usus gedhé). Usus-usus iki dipérang manéh dadi bagéan kang luwih cilik.
Usus alus
[besut | besut sumber]Usus alus utawa usus cilik miwit saka gegejlig pilorik lan kapungkas ing klep iléosékal]]. Panganan kang wis setengah kajirna dening wadhuk nglabuh ing usus alus awujud kaim, sejam sawisé dipangan.
Ing usus alus, pH kuwi babagan kang wigati. Iki kudu imbang supaya lancar dijirna. Kaim kang saka wadhuk kuwi asem banget, supaya ora ngrusak usus kudu dikéi tambahan alkalin pas ana ing usus rolas-driji. Cuwéran alkalin iki diwuwuhi emperu saka kantong emperu karo udalan bikarbonat saka pengkréas lan klanjer Brunner.
Menawa gregetan panganan sing dijirna wis cukup nyusut, iki isa diresep témbok usus lan diboyong tumuju wuluh-wuluh getih. Panyerepan miwit dilakoni dening usus rolas-driji, dilanjut usus kopong lan usus pangangslup. Usus rolas-driji kuwi usus paling cilik, jenengé kuwi muncul saka jembaré kang mbur isa muat rolas driji manungsa.
Akehé panganan kuwi dijirna ana ing usus cilik. Pamungkredan segmen nyampur lan ngobahké kaim kanthi alun-alun supaya usus isa nyerep jat gizi luwih akéh
Usus buntet
[besut | besut sumber]Usus buntet kuwi plentungan kang nandakaké pintu antarané usus cilik lan iso utawa usus gedhé. Ing sangisoré usus buntet uga ana cenilan cacing sing némplok.
Iso
[besut | besut sumber]Iso utawa usus gedhé kuwi usus paling gedhé kang gunané ngeremké panganan dadi telék. Telék-telék iki banjur diboyong metu awak liwat bruwit lan silit. Iso nyerep banyu saka sisa-sisa panganan lan mbosokké panganan dibiyantu baktéri-baktéri tartamtu.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Hopkins J, Maton A, Charles WM, Susan J, Maryanna QW, David L, Jill DW (1993). Human Biology and Health. Englewood Cliffs, New Jersey, US: Prentice Hall. ISBN 978-0-13-981176-0.
- ↑ Masalah sitiran: Tenger
<ref>ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jenengNIDDK2025 - ↑ "Mouth Anatomy: Overview, Gross Anatomy: Oral Vestibule, Gross Anatomy: Oral Cavity Proper". 7 January 2025. Dibukak ing 10 April 2025.
- ↑ Macpherson G (1999). Black's Medical Dictionary. A & C. Black Ltd. ISBN 978-0-7136-4566-8.
- ↑ Nanci A (2013). Ten Cate's Oral Histology: Development, Structure, and Function (édhisi ka-8th). St. Louis, Mo.: Elsevier. kc. 275–276. ISBN 978-0-323-07846-7.
- ↑ Maton A (1993-01-01). Human Biology and Health. Prentice Hall 1993. ISBN 978-0-13-981176-0.
- ↑ Maton A (1993-01-01). Human Biology and Health. Prentice Hall 1993. ISBN 978-0-13-981176-0.
- ↑ Sherwood L (1997). Human physiology: from cells to systems. Belmont, CA: Wadsworth Pub. Co. ISBN 978-0-314-09245-8. OCLC 35270048.
- ↑ Sherwood L (1997). Human physiology: from cells to systems. Belmont, CA: Wadsworth Pub. Co. ISBN 978-0-314-09245-8. OCLC 35270048.
- ↑ Saladin K (2011). Human Anatomy. McGraw Hill. kc. 674–679. ISBN 978-0-07-122207-5.
Pranala njaba
[besut | besut sumber]
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |