Alang-alang

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Alang-alang
Alang-alang, suket gedhe khasiat.
Bubulak, Bogor.
Klasifikasi èlmiah
krajan: Plantae
divisio: Magnoliophyta
kelas: Liliopsida
ordo: Poales
kulawarga: Poaceae
Genus: Imperata
Species: I. cylindrica
Jeneng binomial
Imperata cylindrica
(L.) Beauv.

Alang-alang iku tanduran suket-suketan kang urip ing ara-ara utawa dhadhah kosong.[1] Sanajan uripé ing ara-ara nanging alang-alang bisa dadi obat werna-werna penyakit.,[2]Akèh zat kimiawi kang migunani kanggo keséhatan ditemokaké ing alang-alang.[3] Zat-zat mau yaiku manitol, glukosa, sakharosa, malic acid, citric acid, coixol, anindom, lan liya-liyané.[3] Kang kena dianggo obat yaiku godhong lan oyoté alang-alang. [3] Loro-loroné bisa dianggo nalika isih seger utawa wis digaringaké.[3] Saka hasil uji laborat, bisa kabuktèkaké yèn alang-alang uga nduwéni èfèk farmakologis, têgêsé tanduran iki nduwé sifat anti pirètik kang bisa gawé adhem yèn awak lagi panas,hemostatik kang bisa ngendhegna pendarahan, ngilangké rasa ngelak, diuretic yaiku sifat peluruh kemih supaya mlebu ing meridian paru-paru, lambung lan usus cilik. [3] Suket kang bisa urip nganti taunan iki nduwéni godhong kang pucuké lincip dawa lan ana luguté. [4] Godhong kang lagi semi wujudé lincip landhep kaya eri. [4]Tanduran alang-alang wité cendhék, godhongé lincip lan nduwéni kembang. [4] Ana uga kang godhongé ijo kecampuran biru kembang térong utawa wungu.[4] Dhuwuré kira-kira 0,2 - 1,5 m.[4] Godhong alang-alang awujud godhong kang mlengkung kaya pita kang dawa nanging pucuké lincip. [4] Dawa godhongé kurang luwih 12-80 cm, pinggiré kasar lan landhep. [4] Kembangé mirip kembang tebu nanging ukurane luwih cilik, dawané kurang luwih 6-28 cm. [4] Kembang alang-alang ana wuluné kang bisa mabur nalika wis garing. [4]

Trivia[sunting | sunting sumber]

Salah sijine cara kanggo maténi alang-alang yaiku kanthi nandur jinis wit kang ulet, cepet thukul lan jarake rapet lan nggrombol.[5] Salah sijiné cara kang direkoméndasékaké yaiku kanthi cara gamal (Gliricidia spp.).[5] Ana uga kang ngarani yèn jeneng gamal iku nduwéni singkatan saka ganyang mati alang-alang.[5]

Jinis kang nduweni kerabat[sunting | sunting sumber]

Marga Imperata nduwéni anggota kurang luwih 8 utawa 9 spesies. [5]Saliyané Imperata cylindrica, ana uga jinis liyané kayata:[5]

Ekologi[sunting | sunting sumber]

Alang-alang bisa thukul lan ngrembaka kanthi cepet.[6] Wiji-wiji alang-alang kang sumebar kagawa angin utawa rimpangé kang cepet nembus lemah kang gembur dadi alat kanggo kembang biak.[6] Jinis suket iki, seneng urip ing panggonan kanthi lemah kang subur lan akeh entuk cahya srengéngé. [6]Alang-alang uga bisa urip ing panggonan kang rada adhem lan nduwéni lemah kang lembab apadene garing.[6] Ananging alang-alang ora bisa thukul ing panggonan kang becek. [6]Gulma iki kanthi cepet bisa thukul ing lahan bekas alas kang rusak, bekas ladhang, sawah kang garing. [6]Saliyané iku, Alang-alang uga bisa urip ing pinggir-pinggir dalan.[6] Ing panggonan kang kaya ngono alang-alang bisa urip dominan ngebaki panggonan kang amba.[6] Nganti tekan taraf tinamtu kebakaran vegetasi uga kena ngrangsang thukule alang-alang.[6] Pucuk-pucuk ilalang kang thukul sawisé kebakaran disenengi kéwan-kéwan kang mangan suket, saéngga panggonan kang kaya ngéné biyasané dadi panggonan kanggo berburu.[6] Alang-alang urip nyebar kanthi alami wiwit saka India nganti tekan Asia timur, Asia Tenggara, Mikronesia lan Australia.[6] Nganti saiki, alang-alang uga ditemokaké ing Asia utara, Eropa, Afrika, Amerika lan ing kepulauan-kepulauan liyané.[6] Ananging amarga sifaté kang invasif iku, alang-alang kerep dianggep gulma kang nggangu.[6]

Mandi lan Mujarab[sunting | sunting sumber]

Alang-alang, ijo semu wungu

Alang-alang kalebu tanduran obat.[3]Godhong lan oyot alang-alang bisa kanggo tamba penyakit hépatitis.[3]Kejaba kuwi alang-alang uga bisa kanggo obat penyakit batu ginjel, infèksi ginjel, lan kencing batu.[7] Alang-alang uga bisa kanggo gawé alus kulit, nggampangaké nguyuh, kanggo obat darah kotor, nambah nepsu mangan, mampetké getih yèn lagi tatu, obat penyakit kelamin kayata nguyuh nanah, nguyuh getih, lan raja singa, penyakit ginjêl, tatu, awak panas, hipertènsi, pênyakit sarap lan stroke.[8] Pênyakit kuwi kabèh bisa diobati nganggo oyot utawa rimpang alang-alang[8] Wit alang-alang uga bisa kanggo pakan kéwan,bahan kanggo gawé kertas, lan obat penyakit kulit kaya kurap, lan kadas.[8] Ing jaman ''modern'', alang-alang uga digawé tablèt siap minum.[9]

Dasa Nama[sunting | sunting sumber]

Alang-alang nduwe dasa nama kayata Naleueng lakoe (Aceh) ; Jih (Gayo); Rih, Ri (Batak) ; Oo (Nias); Alalang, Hilalang, Ilalang (Minang kabau); Lioh (Lampung); Halalang, Tingen, Padang, Tingan, Puang, Buhang, Bêlalang, Bolalang (Dayak); Eurih (Sunda); Alang-alang kambêngan (Jawa); Kebut, Lalang (Madura); Ambengan, Lalang (Bali); Kii, Rii (FIores); Padengo, Padanga (Gorontalo); Deya (Bugis); Erer, Muis, Wen (Seram); Weli, Welia, Wed (Ambon). NAMA ASING: Cogon grass, satintail (En). Paillotte (Fr).Malaysia: lalang, alang-alang. Papua New Guinea: kunai (Pidgin), kurukuru (Barakau, Central Province). Philippines: kogon (Tagalog), gogon (Bikol), bulum (Ifugao). Burma (Myanmar): kyet-mei. Cambodia: sbö':w. Laos: hnha:z kh'a:. Thailand: ya-kha, laa laeng, koe hee (Karen, Mae Hong Son). Vietnam: c [or] tranh. Jeneng Simplista Imperatae Rhizoma; rimpang alang-alang.[8] Jeneng liyané:[8]

Pemerian botanis[sunting | sunting sumber]

Alang-alang kalebu tanduran suket taunan kang nduwéni sisik. [4]Alang-alang urip kanthi oyot lan wit nemplek ing lemah. Pucuk wit kang metu saka lemah bentuké lincip lan mirip kaya eri. [4]Alang-alang nduwé wit kang cendhek, thukul mendhuwur lan nduwéni kembang.[4] Alang-alang ana kang rupané abang rada wungu lan ana uga kang nduwé kaya bundhelan rambut ing ngisor rosé.[4] Alang-alang umumé nduwéni dhuwur 0,21,5 m, ananging ing panggonan-panggonan kang tinamtu, alang-alang uga bisa luwih dhuwur saka ukuran iku. [4] Alang-alang nduwé godhong kang bentuke garis kaya pita, godhong kang arupa garis lanset iki nduwuré lincip lan ing bonggol godhongé rada ciut mbentuk kaya talang.[4] Godhong alang-alang dawané kurang luwih 12-80 cm, pinggire kasar lan landhep.[4] Saliyané iku ing bonggol godhong uga ana rambut kang biyasané diarani lugut. [4]Tulang daun tanduran alang-alang ukurané rada amba lan wernané pucet ing bagéyan tengahé.[4] Alang-alang nduwé kembang kanthi karangan kembang malai kang dawane 6-28 cm. Kembang alang-alang nduwe anak bulir kang wulune dawa lan wernane putih.[4] Bulir iki gunane kanggo mabur nalika woh wiji alang-alang wis mateng.[4]

Kena ing Guna[sunting | sunting sumber]

Alang-alang bisa dadi obat werna-werna penyakit.[3] Alang-alang nduwé zat-zat kimiawi kang diprelokaké manungsa.[3] Alang-alang kanggo obat radang ginjel.[3]

  1. oyot alang-alang kang cacahé 60-120 gram dikumbah nganti resik, banjur dikethok-kethok.[3]
  2. banjur digodhog karo telung gelas banyu putih.[3]
  3. godhog nganti banyuné kari segelas.[3]
  4. banyu sari alang-alang banjur diombé.[3]

Alang-alang kanggo obat mutah getih.[3]

  1. kumbah oyot alang-alang kurang luwih 30-60 gram.[3]
  2. kêthok-kêthok lan godhog karo telung gelas banyu.[3]
  3. godhog nganti banyuné kari segelas.[3]
  4. banyu sari alang-alang bisa diombé sawisé adhem.[3]

Alang-alang kanggo obat penyakit nguyuh nanah.[3]

  1. kurang luwih 300 gram oyot alang-alang dikumbah nganti resik.[3]
  2. dikethok-kethok lan digodhog ing banyu 2.000 cc.[3]
  3. godhog nganti banyuné kari 1.200 cc.[3]
  4. cêmplungna gula batu ing godhogan alang-alang.[3]
  5. sari alang-alang bisa diombé kaya teh sêdina ping telu nganti jangkep sepuluh dina.[3]

Alang-alang kanggo obat penyakit mimisen.[3]

  1. oyot alang-alang kang isih seger dikumbah banjur diajuraké lan diperes banyuné nganti 100 cc.[3]
  2. banyu pêrêsan langsung bisa diombé[3]

Sirup Alang-alang[sunting | sunting sumber]

Sirup Alang-alang

Alang-alang kalebu tanduran kang bisa kanggo obat.[3]Mula iku alang-alang diolah dadi sirup.[10] Sirup alang-alang sakliyané bisa dadi obat kang nyéhatakè, uga nduwéni rasa kang énak.[10]Sirup alang-alang uga bisa didol lan ngasilaké dhuwit.[10]Bahan kanggo nggawé sirup alang-alang yaiku oyot alang-alang.[10] Carané oyot alang-alang digaréngaké lan digodhog karo banyu, banjur dicampur gula aren lan bumbu rempah-rempah kayata jaé abang.[10]Sakwisé kuwi alang-alang digodhog nganti rada kenthel, banjur sirup alang-alang diadhemké.[10] Kanggo nggawé sirup alang-alang cukup dicampur karo banyu supaya ora kekenthelen.[10]Yen arep didol jladrenan sirup alang-alang banjur diwadhahi gendul.[10]

Jamu ora kudu pait[sunting | sunting sumber]

Jamu biyasané rasané pait[5]Béda karo alang-alang, sirup jamu saka alang-alang bisa digawé werna-werna rasané gumantung sing nggawé, saéngga jamu kang arupa sirup iki rasané seger lan énak, ora pait.[11] Nanging sanajan énak rasané jamu iki têtêp nyéhataké awak kaya jamu-jamu tradisional liyané.[3]Sirup alang-alang, bisa digawé variasi rasané kaya sirup liya-liyané. Umpamané rasa strobéry, jeruk, pala, jahe, kawis, lan liya-liyané.[11]


Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ (en)fl-dof.com(dipunundhuh tanggal 26 Juli 2011)
  2. ^ (en)Species Description: Imperata cylindrica (L.) Beauv. Species Description: Imperata cylindrica (L.) Beauv(dipunundhuh tanggal 26 Juli 2011)
  3. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad (id)id.shvoong.com (dipunundhuh tanggal 27 Maret 2011)
  4. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t (id)[Steenis, CGGJ van. 1981. Flora, untuk sekolah di Indonesia. PT Pradnya Paramita, Jakarta. Hal. 121]
  5. ^ a b c d e f (id)student-research.umm.ac.id(dipunundhuh tanggal 29 Maret 2011)
  6. ^ a b c d e f g h i j k l m (id)[Heyne, K. 1987.Tumbuhan Berguna Indonesia, jil. 1.Jakarta:Yay. Sarana Wana Jaya. Hal. 147-150]
  7. ^ (id)scribd.com(dipunundhuh tanggal 28 Maret 2011)
  8. ^ a b c d e (id)iptek.net.id(dipunundhuh tanggal 28 Maret 2011)
  9. ^ (en)newsobserver.com(dipunundhuh tanggal 26 Juli 2011)
  10. ^ a b c d e f g h (id)liputan6.com(dipunundhuh tanggal 28 Maret 2011)
  11. ^ a b (id)sirupsuramadu.umkm-online.com(dipunundhuh tanggal 29 Maret 2011)

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Imperata cylindrica

Galeri[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Alang-alang&oldid=829823"