Basa Koréa
Koréa | ||
---|---|---|
한국어, 조선말Hangugeo, Chosŏnmal | ||
Hangugeo, Chosŏneo (Koréan) written in Hangul, Chosŏn'gŭl | ||
Dituturaké ing | Koréa Kidul, Koréa Lor, Républik Rakyat Cina, Indonésia | |
Gunggung panutur | 78 yuta[1] | |
Ranking | 17 | |
Rumpun basa | ||
| ||
Sistem tulisan | Eksklusif Hangul (Koréa Lor), campuran Hangul lan hanja (Koréa Kidul), utawa aksara Sirilik (arang dianggo ing Goryeomal) | |
Status resmi | ||
Basa resmi ing | Korea Utara Koréa KidulYanbian ( Republik Rakyat Cina) Amérikah Sarékat (minoritas lan bantuan) | |
Regulated by | Koréa Kidul:Institusi Nasional Basa Koréa국립국어원 Koréa Lor:Sahoe Kwahagwon Ŏhak Yŏnguso사회과학원 어학연구소 | |
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | ko
| |
ISO 639-2 | kor
| |
ISO 639-3 | kor
| |
|
Basa Koréa (Aksara Jawa: ꦧꦱꦏꦺꦴꦫꦾ ) (한국어/조선말) iku basa kang paling akèh dianggo ing Koréa, lan dadi basa resmi Koréa Kidul lan Koréa Lor. Basa iki uga dituturaké kanthi luas ing Yanbian ing Cina timur laut. Secara keseluruhan terdapat sakiwa-tengené 78 yuta penutur basa Koréa ing saindhenging donya kalebu kelompok-kelompok gedhé ing Uni Sovyèt, AS, Kanada lan Jepang. Klasifikasi resmi basa Koréa isih durung disetujoni kanthi universal, nanging dianggep déning akèh wong minangka basa isolat. Sawetara ahli basa nglebokaké sajeroning golongan basa Altaik. Basa Koréa uga akèh mèmper karo basa Jepang kang status kakerabatané uga kurang jelas.
Sistem panulisan basa Koréa kang asli — karan Hangul — minangka sistem kang silabik lan fonetik. Aksara-aksara Sino-Koréa (Hanja) uga dipigunakaké kanggo nulis basa Koréa. Sanadyan tembung-tembung kang paling umum dipigunakaké wujud Hangul, punjul 70% kosakata basa Koréa dumadi saka tembung-tembung kang diwangun saka Hanja utawa dijupuk saka basa Mandarin.
Huruf iki kawanuhaké déning Raja Sejong ing abad angka 15, dikenal minangka Hunmin Jeongeum. Nanging istilah Hangul nembé dikenal ing wiwitan abad angka 20. Sawisé Hangeul dipigunakaké, mung isih tetep dianggo, déné Hangeul dianggo déning wong-wong kang ora duwé pendhidhikan, wanita lan bocah-bocah.
Nanging sajeroning perkembangané, Hangeul tansaya akèh dipigunakaké malah ing abad angka 19 lan wiwitan abad angka 20, panggunaan Hangeul lan Hanja seimbang. Nanging saiki, mung ditemoni ing tulisan-tulisan akademik lan resmi, déné amèh kabèh papan jeneng dalan, petunjuk, malah tulisan-tulisan informal ditulis ing tulisan Hangeul.
Basa Koréa sayektiné duwé dhialèk-dhialèk kang saling gegandhèngan siji lan sijiné. Saben wewengkon bisa mangertèni dhialèk liyané, kajaba dhialèk Pulo Jeju kang dianggep kurang bisa dimangertèni déning dhialèk-dhialèk provinsi lainnya.
Rujukan
[besut | besut sumber]Pranala njaba
[besut | besut sumber]Èdhisi Korean saka Wikipédia, bauwarna bébas |