Fonetik

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Fonetik inggih menika cabang ngelmu kajian linguistik ingkang nyinaoni swanten-swanten basa tanpa ningali menapa swanten-swanten menika saged mbentenaken wosing tembung utawi boten. Perkawis menika benten kaliyan fonemik ingkang nyinaoni swanten-swanten basa kanthi ningali swanten menika minangka bab ingkang mbentenaken wosing tembung. Awit saking perkawis kasebat dipunsinaoni fonetik dipunbentenaken dados 3, inggih menika fonetik artikulatoris, fonetik akustik, fonetik auditoris.

- Fonetik Artikulatoris

Dipunsebat ugi fonetik organis utawi fonetik fisiologis, nyinaoni kados pundi swanten-swanten basa menika dipundamel saking piranti micara saben tiyang. Parembaganipun kalebet piranti-piranti micara ingkang dipunginakaken kangge ndamel swanten basa menika, mekanisme angin ingkang dipunginakaken kangge ndamel swanten basa, kados pundi swanten basa menika kadamel, tumrap klasifikasi swanten basa ingkang kasil sarta menapa sarat, silabel, unsur, utawi ciri suprasegmental, tekanan, jeda, durasi, lan nada.

- Fonetik Akustik

fonetik akustik, ingkang objekipun inggih menika swanten basa rikala miyos ing angin, antawisipun nyariosaken: glombang swanten sarta frekuensi lan banteripun rikala miyos ing angin, spektrum, tekanan, lan intensitas swanten. Ugi tumrap skala desibel, resonansi, akustik langkung tumuju dhateng kajian fisika tinimbang kajian linguistik, senadyan linguistik nggadhahi kapitadosan ing salebetipun.

- Fonetik Auditorik

fonetik auditorik nyinaoni kados pundi swanten-swanten basa menika “dipuntampi” tumrap pamireng, saengga swanten-swanten menika dipunmireng lan saged dipunmangertosi. Wonten bab menika tamtu pasinaonipun tumrap struktur lan gina piranti mireng, ingkang kasebat pamireng menika. Kados pundi mekanisme panampi swanten basa menika saengga saged dimangertosi. Awit saking menika, sageda kajian fonetik auditori langkung njalari kaliyan ngelmu kadokteran, kalebet kajian neurologi.

[1][2]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. chaer, abdul (2009). fonologi bahasa indonesia. jakarta. k. 10. ISBN 978-979-518-977-0. 
  2. Chaer, Abdul (2012). Linguistik Umum. jakarta. k. 109. ISBN 978-979-518-587-1.