Surat As Saff
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| as-Saff الصّفّ |
|
|---|---|
| Informasi | |
| Makna | Barisan |
| Klasifikasi | Madaniyah |
| Surat ka | 61 |
| Juz | Juz 28 |
| Statistik | |
| Gunggung ruku' | 2 ruku' |
| Gunggung ayat | 14 ayat |
Surat As-Saff (basa Arab:الصّفّ, "Barisan") iku surat ka-61 jroning al-Qur'an. Surat iki kagolong surat Madaniyah lan dumadi saka 14 ayat. Dijenengaké As Saff, amarga ing ayat 4 surat iki ana tembung Shaffan sing tegesé siji barisan. Ayat iki nerangaké apa sing diridhai Allah sawisé nerangaké apa sing dimurkai Allah. Ing ayat 3 diterangaké yèn Allah murka marang wong sing mung pinter omong waé ananging ora nglaksamakaké apa sing diomoingaké. Lan ing ayat 4 diterangaké yèn Allah seneng marang wong sing mraktèkaké apa sing diucapaké yaiku wong-wong sing perang ing dalan Allah jroning sawiji barisan.
Pokok-Pokok Isi [sunting]
- Kabèh sing ana ing langit lan ing bumi tasbih marang Allah
- Anjuran jihad ing dalan Allah.
- Pengikut-pengikut nabi Musa lan Isa a.s. tau ngingkari ajaran-ajaran nabiné. Semono uga kaum musyrik Mekkah kepingin arep matèni cahyaning Allah (agama Islam).
- Ampunan Allah lan swarga bisa digayuh kanthi iman lan berjuang negakaké kalimat Allah nganggo bandha lan jiwa.
Pranala njaba [sunting]
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan Surah As-Saff |
| Surat Sadurungė: Surat Al Mumtahanah |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat Al Jumu’ah |
| Surat 61 |