Surat ‘Abasa
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| 'Abasa |
|
|---|---|
| Gambar:'Abasa.png |
|
| Informasi | |
| Makna | Mrengut (Ia Bermuka Masam) |
| Klasifikasi | Makkiyah |
| Surat ka | 80 |
| Juz | Juz 30 |
| Statistik | |
| Gunggung ruku' | 1 ruku' |
| Gunggung ayat | 42 ayat |
Surat 'Abasa (basa Arab:عبس , mrengut utawa Ia Bermuka Masam) iku surat ka 80 jroning al-Qur'an. Surat iki kagolong surat Makkiyah sing dumadi saka 42 ayat. Dijenengaké 'Abasa sing dijupuk saka tembung 'Abasa sing ana ing ayat pisanan surat iki. Miturut riwayat, ing sawijining dina Rasulullah s.a.w. nampa lan ngendika karo pemuka-pemuka Quraisy supaya m;ebu Islam. Nalika iku teka Ibnu Ummi Maktum, sahabat sing wuta nyuwun supaya Rasulullah s.a.w. maos ayat-ayat Al Quran sing wis diudhunaké Allah. Ananging Rasulullah s.a.w. mrengut lan mléngak ora mirsani Ibnu Ummi Maktum sing wuta iku, banjur Allah ngudhunaké surat iki minangka pepènget saka sikap Rasulullah marang ibnu Ummi Maktum kasebut.
Pokok-Pokok Isi [sunting]
- Kaimanan
- Dalil-dalil kaésaan Allah
- Kahanan manungsa ing dina kiyamat
- Liya-liya
- Jroning ngayahi da'wah supaya maringi pakurmatan sing padha marang wong-wong sing diwènèhi da'wah
- Cercaan Allah marang manungsa sing ora syukur nikmat.
Pranala njaba [sunting]
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan Surah 'Abasa |
| Surat Sadurungė: Surat An Naazi'aat |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat At Takwir |
| Surat 80 |