Surat Al Baqarah
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| al-Baqarah البقرة |
|
|---|---|
Ayat 1 s.d. Ayat 6
|
|
| Informasi | |
| Makna | Sapi wadon |
| Nami sanès | Fustatul Qur'an Alif Lam Mim az-Zahrawan[1] as-Sinam[2] |
| Klasifikasi | Madaniyah Ayat 281 diudhunaké ing Mina nalika Kaji Wada' |
| Surat ka | 2 |
| Juz | Juz 1 (ayat 21-141) Juz 2 (ayat 142-252) Juz 3 (ayat 253-286) |
| Statistik | |
| Gunggung ruku' | 40 ruku' |
| Gunggung ayat | 286 ayat |
| Gunggung tembung | 6.221 tembung |
| Gunggung aksara | 25.500 aksara |
Surat Al Baqarah (Arab سورة البقرة) iku surat kapindho Al-Quran mawa 286 ayat. Tegesé "Sapi". Surah iki dumadi saka 286 ayat, 6.221 tembung, 25.500 aksara lan kagolong surah Madaniyah. Sebagéyan gedhé ayat jroning surat iki diudhunaké ing wiwitan hijrah, kajaba ayat 281 sing diudhunaké ing Mina nalika Haji Wada'. Surat iki sing dawa dhéwé. Isiné bab Nabi Musa sing dhiskusi karo kaum Israil perkara sapi sing kudu dikurbanaké supaya mangertèni sapa sing matèni sawijining wong.
Ringkesan isi[sunting]
- Kaimanan:
Dakwah Islamiyah sing ditujokaké marang umat Islam, ahli kitab lan para musyrikin. - Hukum-hukum:
Printah ngayahi sbabat; zakat; hukum pasa; hukum kaji lan umrah; hukum qishash; bab-bab sing halal lan sing haram; golèk nafkah ing dalan Allah; hukum arak lan judi; cara nyantuni anak yatim, larangan riba; utang piutang; nafkah lan sing duwé hak nampa; wasiat marang wong tuwa lan kaum kerabat; hukum sumpah; kuwajiban nerusaké amanat; sihir; hukum ngrusak mesjid; hukum ngowahi kitab-kitab Allah; hukum haidh, 'iddah (masa nunggu tumrap wanita sing nembé tinggal bojo amarga tilar donya utawa pegatan), talak (pegatan), khulu', ilaa' lan hukum susuan; hukum nglamar, mahar (mas kawin), larangan ngawini wanita musyrik lan suwaliké; hukum perang. - Kisah-kisah:
Kisah pqnciptaan Nabi Adam a.s.; kisah Nabi Ibrahim a.s.; kisah Nabi Musa a.s. dengan Bani Israil. - Lan liya-liya:
Sifat-sifat wong sing takwa; sifat wong-wong munafik; sifat-sifat Allah; ‘’perumpamaan-perumpamaan’’; kiblat, kebangkitan sawisé mati.