Surat Asy Syuura
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| asy-Syura الشّورى |
|
|---|---|
| Gambar:Ash-shura.png |
|
| Informasi | |
| Makna | Musyawarah |
| Nami sanès | Ha Mim 'Ain Sin Qaf |
| Klasifikasi | Makkiyah |
| Surat ka | 42 |
| Juz | Juz 25 |
| Statistik | |
| Gunggung ruku' | 5 ruku |
| Gunggung ayat | 53 ayat |
Surat Asy-Syura (basa Arab:الشورى) iku surat ka-42 jroning al-Qur'an. Surat iki kagolong surat makkiyah, dumadi saka 53 ayat. Dijenengaké Asy-Syura sing maknané Musyawarah dijupuk saka tembung Syuura sing ana ing ayat 38 surat iki. Jroning ayat kasebut dipasang salah siji dhasar-dhasar pamaréntahan Islam yaiku musyawarah. Surat iki kadhang kala disebut uga Ha Mim 'Ain Sin Qaf amarga diwiwiti kanthi aksara hijaiyah iku.
Pokok-Pokok Isi [sunting]
- Kaimanan
- Dalil-dalil ngenani Allah Sing Maha Tunggal kanthi njlèntrèhaké kedadéyan langit lan bumi, udan, kapal sing lelayaran ing segara kanthi aman lan sapanunggalané
- Allah maringi rezki marang manungsa hamba-Né kanthi ukuran tinamtu miturut kemaslahatan lan miturut hikmah lan ilmu-Né.
- Allah maringi anak lanang dln wadon marang sapa waé sing dikarepaké, utawa ora maringi putra babar pisan
- Cara-cara Allah ngandharaké kalam marang manungsa
- Pokok-pokok agama sing diasta para rasul iku padha.
- Hukum
Ora ana dhasar kanggo nuntut wong sing mbéla dhiri.
- Liya-liya
Pranala jaba [sunting]
- Listen & Translation Surah Asy Syura Al Qur'an online in Arabic, Urdu, Indonesia, French, German, Spanish, Bosnian, English.
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan Surah Asy-Syura |
| Surat Sadurungė: Surat Fussilat |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat Az-Zukhruf |
| Surat 42 |