Surat Muhammad
| Muhammad |
|
|---|---|
| Informasi | |
| Makna | Nabi Muhammad SAW. |
| Nami sanès | al-Qital (Peperangan) |
| Klasifikasi | Madaniyah |
| Surat ka | 47 |
| Juz | Juz 26 |
| Statistik | |
| Gunggung ruku' | 4 ruku |
| Gunggung ayat | 38 ayat |
Surat Muhammad (basa Arab: محمّد) yaiku surat kaping 47 ing Al-Qur'an. Surat iki kagolong surat Madaniyah kang dumadi saka 38 ayat. Jeneng Muhammad minangka jeneng surat iki kajupuk saka ngendikane Muhammad kang ana ing ayat 2 surat iki.
Ing ayat 1, 2 lan 3 surat iki, Gusti Allah mbandhingake asil kang dientukake dening wong-wong kang ora percaya karo apa kang diwenenhake marang Nabi Muhammad s.a.w lan asil kang dientukake dening wong-wong kang percaya karo dheweke. Wong-wong kang percaya karo apa kang digawa dening Muhammad SAW, yaiku wong-wong kang duweni iman lan manut karo kang hak, amale katampa dening Gusti Allah, disepura kabeh salahe. Dene wong-wong kang ora percaya karo Muhammad s.a.w yaiku wong-wong kang melu ksbatilan, amal ibadahe ora katampa, dosane ora disepura, lan bakalan kena azab ing donya lan ing akherat.
Surat iki uga dijenengake Al-Qital kang tegese peperangan, amarga sebagian akeh surah iki nyritakake peperangan lan pokok-pokok hukuman, sarta kepriye kudune tumindake wong-wong mukmin marang wong-wong kafir.
Pokok-Pokok Isi [sunting]
- Keimanan
- Wong kang mati syahid bakalan mlebu suwarga
- Piwalesan ing akherat kanggo wong-wong kang takwa lan wong-wong kang durhaka
- Keesaan Gusti Allah.
- Hukum-hukum
- Mateni mungsuh nalika perang arep diwiwiti (sadurunge gejala-gejala kemenangan)
- Nyulik sakabehing nalika arep katon gejala-gejala kemenangan
- Mbebasake tawanan iku kanthi nrima tebusan utawa ora
- Ora entuk ngajak damai yen arep nyata kemenangan.
- Liyane
Transliterasi lan tafsir (ayat 1 nganti ayat 3) [sunting]
- Al-Ladhīna Kafarū Wa Şaddū `An Sabīli Allāhi 'Ađalla 'A`mālahum.: Wong-wong sing kafir sarta ngalangi (awaké dhéwé lan wong liya) saka dalan Allah, Allah sia-siakaké kabèh amalé.
- Wa Al-Ladhīna 'Āmanū Wa `Amilū Aş-Şāliĥāti Wa 'Āmanū Bimā Nuzzila `Alaá Muĥammadin Wa Huwa Al-Ĥaqqu Min Rabbihim Kaffara `Anhum Sayyi'ātihim Wa 'Aşlaĥa Bālahum.: Lan (suwaliké) wong-wong sing iman lan ngayahi amal sing solèh sarta iman marang Al-Quran sing diudhunaké marang Nabi Muhammad (s.a.w) - sing ya iku bebenar saka Gustiné, - Allah ngampuni dosa-dosané, lan agawé jaya kahanané (ing donya lan ing akhirat).
- Dhālika Bi'anna Al-Ladhīna Kafarū Attaba`ū Al-Bāţila Wa 'Anna Al-Ladhīna 'Āmanū Attaba`ū Al-Ĥaqqa Min Rabbihim Kadhālika Yađribu Allāhu Lilnnāsi 'Amthālahum.: Lumakuné sing mangkono mau, amarga sakbeneré wong-wong sing kafir nuurut perkara sing salah, lan sakbeneré wong-wong sing iman nurut perkara sing bener saka Gustiné. Mangkono mau Allah nerangaké marang umat manungsa ngenani sipat lan akibat gawané dhéwé-dhéwé (masing-masing).
Pranala njaba [sunting]
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan Surah Muhammad |
| Surat Sadurungė: Surat Al Ahqaf |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat Al Fath |
| Surat 47 |