Surat Ali Imran
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Ali 'Imran |
|
|---|---|
| [[Image: Ayah 1 s.d. Ayah 5
|
|
| Informasi | |
| Makna | Kulawarga 'Imran |
| Nami sanès | az-Zahrawan (Dua yang Cemerlang)[1] |
| Klasifikasi | Madaniyah |
| Surat ka | 3 |
| Juz | Juz 3 (ayat 1-91) Juz 4 (ayat 92-200) |
| Statistik | |
| Gunggung ayat | 200 ayat |
Surat Ali Imran (Arab آل عمران ) iku surat kaping telu Al-Quran mawa 200 ayat. Surat iki surat Madinah. Surat iki dumadi saka 200 ayat lan klebu surat Madaniyah. Dijenengaké Ali 'Imran amarga ngamot kisah kulawarga Imran sing jroning kisah iki disebutaké kelairan Nabi Isa, pepadhané karo kedadéyan Nabi Adam, kenabian lan sawetara mukjizaté, sarta disebut uga kelairan Maryam binti Imran, ibu Nabi Isa. Surah Al-Baqarah lan Ali 'Imran iki dijenengaké Az-Zahrawan (Loro Sing Cemerlang), amarga kaloro surat iki nyingkap bab-bab sing miturut apa sing dipratélaké Al-Qur'an didhelikaké déning para Ahli Kitab, kayadéné kedadéyan lan kelairan Nabi Isa rawuhé Nabi Muhammad lan sapanunggalané.
[sunting] Ringkesan isi
- Kaimanan: Dalil-dalil lan alesan-alesan sing mbantah wong Nasrani sing nganggep Nabi Isa a.s. minangka Gusti Allah; katauhidan iku dhasar sing digawa déning kabèh Nabi.
- Hukum-hukum: Musyawarah; mubahalah; larangan riba.
- Kisah-kisah: Kisah kulawarga 'Imran; perang Badar lan Uhud lan tuladha saka prastawa kasebut.
- Liya-liya: Golongan-golongan manungsa jroning mangertèni ayat-ayat mutasyaabihaat; sifat-sifat Allah; sifat wong-wong sing takwa; Islam siji-sijiné agama sing diridhai Allah; kemudharatan njupuk wong-wong kafir minangka kanca kapercayan; perjanjèn para Nabi déning Allah; perumpamaan-perumpamaan; pèngetan-pèngetan marang Ahli Kitab; Ka'bah iku omah ibadat sing paling tuwa lan bukti-buktiné; mupangat ngélingi Allah lan ngrenungaké ciptaanNé.
[sunting] Rujukan
- ↑ Departemen Agama RI.2007.Al-Qur'an dan Terjemahannya Al-Jumanatul 'Ali Seuntai Mutiara Yang Maha Luhur.Bandung:J-Art
[sunting] Pranala jaba
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan 'Imran Surah Ali 'Imran |
| Surat Sadurungė: Surat Al-Baqarah |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat An-Nisa' |
| Surat 3 |