Surat Al Qadr
| al-Qadr |
|
|---|---|
| Informasi | |
| Makna | Kamulyan |
| Nami sanès | Inna Anzalnahu[1] |
| Klasifikasi | Makkiyah |
| Surat ka | 97 |
| Juz | Juz 30 |
| Statistik | |
| Gunggung ruku' | 1 ruku' |
| Gunggung ayat | 5 ayat |
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan Qur'an/Al Qadr Surat Al Qadr |
Surat Al Qadr (basa Arab:الْقَدْرِ) yaiku surat kaping 97 sajroning al-Qur'an kang dumadi saka 5 ayat lan kalebu golongan surat Makkiyah. Surat iki mudhun sawise surat 'Abasa lan dijenengi Al Qadr (Kamulyan) kang kajupuk saka tembung Al Qadr kang ana ing ayat pisanan surta iki.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Isi
Al-Qur'an wiwit mudhun ing wengi Lailatul Qadr, kang padha karo sewu sasi. Sajroning Islam dijelasake yen ing wengi iki malaikat Jibril lan liyane mudhun ing donya kanggo ngatur sakabehing urusan. Ing surat al-Qadr diandharake yen nalika pisanan mudhune al-Qur'an yaiku nalika wengi Lailatul Qadr lan uga diandharake dhuwure derajat wengi iki.
[sunting] Hubungan Surah Al-Qadr' karo Surat Al-Baiyinah
Surat Al Qadr nerangaké bab wiwitan Al Quran diudhunaké, déné Surat Al-Baiyinah nerangaké salah siji sebab Allah mudhunaké Al Quran.
[sunting] Terjemahan ayat
بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ : Kanthi nyebat asma Allah Ingkang Maha Mirah lan ugi Maha Asih.
إِنَّا أَنْزَلْنَاهُ فِي لَيْلَةِ الْقَدْرِ 97:1]] Sakbeneré Kita wis mudhunaké (Al-Quran) ing wengi kamulyan.
وَمَا أَدْرَاكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِ [97.2] Lan apa kowé ngerti apa wengi kamulyan iku?
لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ [97.3] Wengi kamulyan iku luwih becik saka sèwu sasi.
تَنَزَّلُ الْمَلائِكَةُ وَالرُّوحُ فِيهَا بِإِذْنِ رَبِّهِمْ مِنْ كُلِّ أَمْرٍ [97.4] Ing wengi iku mudhun malaikat-malaikat lan malaikat Jibril kanthi idin Tuhan kanggo nata kabèh urusan.
سَلامٌ هِيَ حَتَّى مَطْلَعِ الْفَجْرِ [97.5] Wengi iku (kebak) kasajahtran nganti tekan pajar.
[sunting] Cathetan Sikil
- ↑ Allamah M.H. Thabathaba'i (1987). Mengungkap Rahasia Al-Qur'an. Bandung: Mizan
| Surat Sadurungė: Surat Al 'Alaq |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat Al Bayyinah |
| Surat 97 |