Surat Asy Syams
| asy Syams |
|
|---|---|
| Gambar:Ash-Shams.png |
|
| Informasi | |
| Makna | Matahari |
| Klasifikasi | Makkiyah |
| Surat ka | 91 |
| Juz | Juz 30 |
| Statistik | |
| Gunggung ruku' | 1 ruku' |
| Gunggung ayat | 15 ayat |
Surat Asy-Syams (Basa Arab: الشّمس) iku surat ka-91 jroning al-Qur'an, dumadi saka 15 ayat, kalebu golongan surat Makkiyah, diudhunaké sawisé surat Al Qadr. Dijenengaké Asy Syams (srengéngé) jupuk saka tembung Asy Syams sing ana ing ayat kapisan surat iki.
Pokok-pokok isiné [sunting]
Kaum Tsamud wis diajuraké déning Allah amarga kadurhakané. Gusti Allah maringi bayangan yèn bab iki gampang tumrap Allah, kayadéné gampangé nyiptakaké alam, awan lan wengi, lan nyiptakaké jiwa sing kasebut jroning sumpah-É; Allah maringi weruh marang manungsa dalan ketakwaan lan dalan kekafiran; manungsa duwé kabébasan milih antara kaloro dalan iku.
Surat Asy Syams isi dhorongan marang manungsa kanggo ngresiki jiwané supaya antuk kanugrahan ing donya lan ing akhirat lan nyatakaké yèn Gusti Allah bakal maringi azab marang wong-wong sing ngregedi jiwané kayadéné kaum Tsamud.
Pranala njaba [sunting]
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan Surat Asy Syams |
| Surat Sadurungė: Surat Al Balad |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat Al Lail |
| Surat 91 |