Surat Al Kautsar
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| al-Kausar |
|
|---|---|
| Informasi | |
| Makna | Nikmat sing akèh |
| Klasifikasi | Makkiyah |
| Surat ka | 108 |
| Juz | Juz 30 |
| Statistik | |
| Gunggung ruku' | 1 ruku' |
| Gunggung ayat | 3 ayat |
Surah Al-Kausar (Basa Arab: الكوثر) iku surat ka-108 jroning al-Qur'an. Surat iki kagolong surat Makkiyah lan dumadi saka 3 ayat. Tembung Al-Kausar dhéwé maknané nikmat sing akèh lan dijupuk saka ayat pisanan saka surat iki. Pokok isi surat iki yaiku printah nglaksanakaké shalat lan korban karana Allah.
Bab lan Paragraf |
Sesambungan surat Al-Kausar karo surat Al-Kafirun[sunting]
Jroning surat Al-Kautsar Allah mrintahaké supaya ngawula marang Allah, déné ing surat Al-Kafirun printah kasebut ditegasaké manèh.
Tèks[sunting]
إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ(1)فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ(2)إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْأَبْتَرُ (3)
Jarwanipun[sunting]
- Sayekti Ingsun wus aparing kabecikan kaliwat akeh marang sira.
- Mulane sholaa marang Pangeranira sarta nyembeliha kurban.
- Sayekti mungsuhira (wong kang sengit) iku wong pedhot becike. [1]
Cathetan sikil[sunting]
- ^ Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.
Pranala jaba[sunting]
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan Surah Al-Kausar |
| Surat Sadurungė: Surat Al Maa’uun |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat Al Kaafiruun |
| Surat 108 |