Surat Al Hujurat
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| al-Hujurat الحجرات |
|
|---|---|
| Informasi | |
| Makna | Kamar-Kamar |
| Klasifikasi | Madaniyah |
| Surat ka | 49 |
| Juz | Juz 26 |
| Statistik | |
| Gunggung ruku' | 2 ruku |
| Gunggung ayat | 18 ayat |
Surah Al-Hujurat (basa Arab : سورة الحجرات) iku surat ka-49 ing sajerone Al-Qur'an. Surat iki kagolong surat madaniyah, kang isine 18 ayat. Dijenengake Al-Hujurat kang nduweni teges kamar-kamar dijupuk salka tembung Al-Hujurat kang ana ing ayat ka-4 surat iki. Ayat kasebut isine ngenyek para sohabat kang ngundang Nabi Muhammad SAW kang lagi ana ing kamar karo garwane. Ngundang Nabi Muhammad SAW kanthi cara lan kahanan kang kaya mangkono iku nuduhake sifat kang ora becik, utawa kurang sopan marang katentreman Nabi Muhammad SAW.
Isi Surat Al Hujurat [sunting]
- Keimanan
- Mlebu agama Islam kudu sempurna kanthi iman kang nyata
- Hukum-hukum
- Ora diparengake njupuk keputusan kang nyimpang saka katetepane Gusti Allah lan Rasul.
- Kudu neliti berita saka wong fasik.
- Kewajiban nganakake islah antarane wong muslim kang lagi ana masalah amarga wong-wong Islam kang sadulur.
- Kewajiban njupuk keputusan marang golongan kaum muslimin kang tumindak ora becik marang kaum muslim liya.
- Ora kena ngenyek lan ngina.
- Ora kena mbatin elek, nggunjing, lan mitnah.
- Liyane
- Sopan santun nalika matur marang Rasulullah SAW
- Allah gawe manungsa iku beda-beda suku lan bangsane, supaya padha ngenal siji lan sijine.
- Kabeh manungsa ing iku padha ing ngarepe Gusti Allah, kurang lan luwihe iku mung perkara taqwa.
- Sipat wong kang pancen iman temenan.
Pranala njaba [sunting]
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan Surah Al-Hujurat |
| Surat Sadurungė: Surat Al Fath |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat Qaaf |
| Surat 49 |