Surat Al Furqaan
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| al-Furqan الفرقان |
|
|---|---|
| Informasi | |
| Makna | Pambéda |
| Klasifikasi | Makkiyah |
| Surat ka | 25 |
| Juz | Juz 18 (ayat 1-20) Juz 19 (ayat 21-77) |
| Statistik | |
| Gunggung ruku' | 6 ruku |
| Gunggung ayat | 77 ayat |
| Ayat Sajdah | Ayat 60 |
Surah Al-Furqan (basa Arab:الفرقان) kuwi surat ka-25 jroning al-Qur'an. Surat iki dumadi saka 77 ayat lan kagolong surah-surah Makkiyah utawa surat sing tumurun ing Mekkah. Dijenengaké Al-Furqan sing maknané pambéda, dijupuk saka tembung al-Furqan sing ana ing ayat pisanan surat iki. Sing dimaksud Al-Furqan jroning ayat iki yakuwi Al-Quran (delengen Jeneng liya Al-Qur'an). Al-Quran dijenengaké Al-Furqan amarga kanggo mbédakaké sing haq karo sing batil. Mula ing surat iki ana ayat-ayat sing mbédakan antara beneré ka-esaan Allah s.w.t. karo kebatilan kapercayan syirik.
Pokok-pokok isi[sunting]
- Kaimanan: Allah Maha Agung berkah lan kebaikan-Nya; mung Allah waé sing nguwasani langit lan bumi; Allah ora duwé putra lan ora ana sing ngembari; Al-Quran bener-bener diudhunaké saka Allah; ilmu Allah ngliputi samubarang kalir; Allah semayam ing dhuwur Arsy; Nabi Muhammad kuwi hamba Allah sing diutus menyang kabèh alam; rasul- rasul iku manungsa biasa sing éntuk wahyu saka Allah; ing dina kiamat bakal kadadéyan prastawa-prastawa ngédab-édabi kaya pecahing langit, mudhuné malaikat menyang bumi, wong-wong dosa digusak menyang neraka kanthi mlaku nganggo rainé.
- Hukum-hukum: Ora olèh nglirwakaké Al-Quran; larangan nafkahaké harta sacara boros utawa cethil; larangan matêni utawa zina; kuwajiban mbrantas kakafiran kanthi migunakaké alesan Al-Quran; larangan mènèhi paseksèn palsu.
- Kisah-kisah: Kisah-kisah Musa, Nuh, kaum Tsamud lan kaum Syu'aib.
- Liya-liya: Panacat wong-wong kafir marang Al Quran; kedadéyan-kedadéyan alamiyah minangka bukti ka-esaan lan kakuwasan Allah; hikmah Al-Quran diudhunaké sacara sethithik mbaka sethithik; sifat-sifat wong musyrik antara liya nuhanaké hawa nepsu; ora migunakaké akal; sifat-sifat hamba Allah sing sakbeneré.
Referensi[sunting]
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan Surah Al-Furqan |
- Mukaddimah Al Qur'an versi terjemahan Departemen Agama Republik Indonesia