Surat Az Zumar
| az-Zumar |
|
|---|---|
| Gambar:Az-Zumar.png |
|
| Informasi | |
| Makna | Rombongan-Rombongan |
| Nami sanès | al-Guraf (Kamar-Kamar) |
| Klasifikasi | Makkiyah |
| Surat ka | 39 |
| Juz | Juz 23 (ayat 1-31) Juz 24 (ayat 32-75) |
| Statistik | |
| Gunggung ruku' | 8 ruku |
| Gunggung ayat | 75 ayat |
Surah Az-Zumar (Arab: الزمر , "Rombongan-Rombongan") iku surat ka-39 jroning al-Qur'an. Surat iki kagolong surat Makkiyah, dumadi saka 75 ayat. Dijenengaké Az-Zumar sing maknané Rombongan-Rombongan amarga tembung Az-Zumar sing ana ing ayat 71 lan 73 surat iki. Jroning ayat-ayat kasebut dijlèntrèhaké kahanan manungsa ing dina kiamat sawisé dihisab, ing wektu iku manungsa kapérang dadi rong rombongan; siji rombongan digawa menyang neraka lan siji rombongan manèh digawa menyang swarga. Saben rombongan antuk walesan saka apa sing dilakoni ing donya. Surat iki dijenengaké uga Al-Ghuraf sing maknané Kamar-Kamar amarga tembung Ghuraf sing ana ing ayat 20, sing nerangaké kahanan kamar-kamar ing swarga sing ditampa déning wong-wong sing takwa.
Pokok-Pokok Isi [sunting]
- Kaimanan
Dalil-dalil ka-Esaan lan kakuwasan Allah; malaikat-malaikat kumpul ing saubengé 'arsy tasbih marang Allah; ing dina kiamat saben wong nduwèni cathetan amalané dhéwé-dhéwé.
- Kisah-kisah
Printah agawé murni kataatan marang Allah; larangan putus pangarepan marang rahmat Allah.
- Liya-liya
Tabiat wong-wong musyrik jroning kahanan seneng lan susah; perumpamaan jroning Al Quran lan paédahé; dahsyaté dina kiamat; rainé wong musyrik lan luh-é wong mukmin ing dina kiamat; janji Allah ngampuni wong-wong sing salah yèn padha tobat.
Pelajaran saka surat iki [sunting]
Saka surat Az-Zumar bisa dijupuk pelajaran sebagai berikut:
- Al-Quran arupa pituduh sing paling sampurna tumrap manungsa.
- Saben makhluk bakal mati lan ing akhirat bakal dihisab ngenani amalan-amalané.
- Senadan akèh dosané, manungsa ora kena ilang pangarepan marang rahmat Allah.
Pranala jaba [sunting]
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan Surat Az-Zumar |
| Surat Sadurungė: Surat Shaad |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat Al Mu’min |
| Surat 39 |