Surat Al Kaafiruun
| al-Kafirun |
|
|---|---|
| Informasi | |
| Makna | Wong - Wong Kafir |
| Klasifikasi | Makkiyah |
| Surat ka | 109 |
| Juz | Juz 30 |
| Statistik | |
| Gunggung ruku' | 1 ruku' |
| Gunggung ayat | 6 ayat |
Surah Al-Kafirun (basa Arab:الكافرون) iku surah ka-109 jroning al-Qur'an. Surat iki kapérang saka 6 ayat lan klebu surat Makkiyah. Jeneng Al Kaafiruun (wong-wong kafir) dijupuk saka tembung sing metu ing ayat pisanan surat iki. Pokok isi surat iki yaiku ora diidinaké kompromi jroning wangun nyampuradhukaké ajaran agama.
Bab lan Paragraf |
Latar Wuri[sunting]
Nalika mangsa panyebaran Islam ing Mekkah, kaum Quraisy sing nentang Rasulullah SAW ora lèrèn golèk cara kanggo ngendhegagé ancaman Islam marang kapercayan nenek moyangé. Ing salah siji upaya mau, kaum Quraisy ngupaya ngajokaké proposal kompromi marang Rasulullah SAW ing ngendi kaum mau nawakaké: yèn Rasulullah gelem nyembah Gustiné, mula kaum mau uga bakal nyembah Gusti kayadéné konsèp Islam. Nuli surat iki didhunké kanggo njawab perkara iku.
Tèks[sunting]
قُلْ يَا أَيُّهَا الْكَافِرُونَ(1)لَا أَعْبُدُ مَا تَعْبُدُونَ(2)وَلَا أَنْتُمْ عَابِدُونَ مَا أَعْبُدُ(3)وَلَا أَنَا عَابِدٌ مَا عَبَدْتُمْ(4)وَلَا أَنْتُمْ عَابِدُونَ مَا أَعْبُدُ(5)لَكُمْ دِينُكُمْ وَلِيَ دِينِ (6
Alih aksara[sunting]
1) qul ya ayyuhal kaafirun
2) laa a'budu maa ta'buduun
3) wa laa antum 'abiduuna maa a'bud
4) wa laa anna 'abidum maa 'abattum
5) wa laa antum 'abiduuna maa a'bud
6) lakum diinukum wa liya din
Jarwa[sunting]
- 1. Ngucapa: He para wong kafir
- 2. Aku ora nyembah marang sesembahanmu
- 3. Kowé ora nyembah marang Sesembahanku
- 4. Aku ora bakal nyembah marang sesembahanmu
- 5. Kowé ora nyembah marang Sesembahanku
- 6. Kowé bakal olèh pituwasé agamamu dhéwé, aku iya mesthi nampa ganjarané agamaku dhéwé[1]
Cathetan Sikil[sunting]
- ^ Tafsir Al Qur'an Suci Basa Jawi, Prof K.H.R. Muhammad Adnan, kanthi owah-owahan saperluné
Pranala njaba[sunting]
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan Surah Al-Kafirun |
| Surat Sadurungė: Surat Al Kautsar |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat An Nashr |
| Surat 109 |