Surat Al A’Raaf
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| al-A'raf الأعراف |
|
|---|---|
Ayat 1 s.d. Ayat 5
|
|
| Informasi | |
| Makna | Papan paling dhuwur |
| Klasifikasi | Makkiyah |
| Surat ka | 7 |
| Juz | Juz 8 (ayat 1-87) Juz 9 (ayat 88-206) |
| Statistik | |
| Gunggung ayat | 206 ayat |
| Ayat Sajdah | Ayat 206 |
Surat Al A’Raaf (Arab سورة الأعراف ) iku surat kaping 7 Al-Quran mawa 206 ayat. Surat iki surat Mekkah. Isiné ngenani kahanan wong-wong sing ana ing dhuwur Al-A'raf yaiku: papan sing paling dhuwur ing wates surga lan neraka.
Pokok-pokok isi [sunting]
- Kaimanan: Mentauhidkan Allah jroning ndedonga lan ibadat; mung Gusti Allah dhéwé sing ngatur lan njaga alam; nyiptakaké undhang-undhang lan hukum-hukum kanggo ngatur kauripan manungsa ing donya lan ing akhirat; Allah manggon ing 'Arasy; bantahan marang kapalsuan syirik; ketauhidan ya iku miturut marang fitrah manungsa; Musa ngendika karo Allah; ngenani mirsani Allah; préntah ngayahi ibadat sinambi ngasoraké dhiri marang Gusti Allah; Allah nduwèni al asmaaul husna.
- Hukum-hukum: Larangan nuruti lelaku lan adat istiadat sing ala; kewajiban nuruti Allah lan rasul; préntah macak nalika arep ngayahi shalat; bantahan marang wong sing nganggep haram rerenggan utawa pepaès sing dianugerahaké déning Gusti Allah; préntah mangan panganan sing halal lan apik lan larangan mangan sing suwaliké.
- Kisah-kisah: Kisah Nabi Adam a.s. karo iblis; kisah Nabi Nuh a.s. lan kaumé; kisah Nabi Shaleh a.s. karo kaumé; kisah Nabi Syu'aib a.s. karo kaumé; kisah Nabi Musa a.s. karo Fir'aun.
- Liya-liya: Al Quran diudhunaké marang Nabi sing pungkasan lan préntah mengikutinya; Nabi Muhammad s.a.w. diutus kanggo kabèh manungsa; adab wong mukmin, adab krungu wacan Al Quran lan zikir; rasul tanggung jawab neruaké seruan Allah; balesan marang wong-wong sing nuruti lan ngingkari rasul; da'wah rasul-rasul sing sepisanan ya iku tauhid marang Gusti Allah; ngenani ashhaabul A'raaf sing dumunung antara syurga lan neraka; Allah pencipta makhluk; manungsa ya iku makhluk sing paling apik didadèkaké déning Gusti Allah sarta nduwèni kasedyan kanggo apik lan kanggo ala; memusuhan syaitan marang Bani Adam; manungsa khalifah Allah ing bumi; ajuring kaum ya iku amarga lelakuné dhéwé; saben bangsa nduwèni mangsa jaya lan mangsa ajur; Allah nyoba manungsa nganggo kasugihan lan kamlaratan; istidraj azab Allah marang wong-wong sing ngingkari ayat-ayat-É.
Rujukan [sunting]
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan Surat Al-A'raf |
- Mukaddimah Al Qur'an versi terjemahan Departemen Agama Republik Indonesia
| Surat Sadurungė: Surat Al An'am |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat Al Anfal |
| Surat 7 |