Halal
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
|
Bagéyan saka sèri Islam |
|
| Fiqih | |
| Ahkam | |
| Gelar cendekiawan | |
|
Halal (حلال, halāl, halaal) iku istilah basa Arab jroning agama Islam sing tegesé "diidinaké" utawa "olèh". Istilah iki jroning kosakata sadina-dina luwih kerep dianggo jroning bab panganan lan ombènan sing diidinaké dikonsumsi miturut Islam. Jroning kontèks sing luwih jembar istilah halal ngarujuk marang kabèh tindakan sing diidinaké miturut hukum Islam (aktivitas, tingkah laku, cara nganggo busana lll). Ing Indonésia, sertifikasi halal prodhuk pangan ditangani déning Majelis Ulama Indonésia–sacara spesifik Lembaga Pengkajian Pangan Obat-obatan dan Kosmetika Majelis Ulama Indonesia.
Kosokbaliné halal yaiku haram.