Surat Al Ahqaaf
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| al-Ahqaf |
|
|---|---|
| Informasi | |
| Makna | Bukit-Bukit Pasir |
| Klasifikasi | Makkiyah |
| Surat ka | 46 |
| Juz | Juz 26 |
| Statistik | |
| Gunggung ruku' | 4 ruku |
| Gunggung ayat | 35 ayat |
Surat Al-Ahqaf (Arab: الأحقاف) iku surat ka-46 ing sajroning al-Qur'an. Surat iku kagolong surat Makkiyah kang dumadi saka 35 ayat. Dijenengi al-Ahqaf kang tegese Gunung/Bukit-Bukit Pasir dijupuk saka tembung al-Ahqaf kang ana ing ayat 21 surat iki. Ing sajrone surat iki lan sadurunge dijlentrehake yen Nabi Hud wis nyampeke risalahe marang kaume ing al-Ahqaf kang saiki dikenal kanthi jeneng ar-Rab'ul Khali, nanging kamume tetep ora manut, sanajan kaume wis dielingake dening rasul-rasul sadurunge. Nganti Gusti Allah menehi adab kanthi cara kaum mau kasebul dening angin kang gedhe. Kahanan iku minangka pratandha saka Gusti Allah marang warga Quraisy bakal diwenehi adab yen ora manut karo rasule.
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan Surah Al-Ahqaf |
| Surat Sadurungė: Surat Al-Jasiyah |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat Muhammad |
| Surat 46 |