Surat Al Jaatsiyah
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| al-Jasiyah الجاثية |
|
|---|---|
| Informasi | |
| Makna | Yang Berlutut |
| Nami sanès | asy-Syari'ah (Syariat) |
| Klasifikasi | Makkiyah |
| Surat ka | 45 |
| Juz | Juz 25 |
| Statistik | |
| Gunggung ruku' | 4 ruku |
| Gunggung ayat | 37 ayat |
Surat Al-Jasiyah (Arab: الجاثية) iki surat ka-45 ing al-Qur'an. Surat iki kagolong surat makkiyah kang dumadi saka 37 ayat. Dijenengke Al-Jasiyah kang tegese Kang Sujud, dijupuk saka tembung Jaatsiyah kang ana sajroning ayat 28 surat iki. Ayat kasebut nerangake kahanan manungsa ing dina kiyamat. Yaiku manungsa kabeh diklumpukake, madhep marang Gusti Allah, banjur diwenehi keputusan miturut apa kang dilakoni ing donya. Saliyane iku uga diarani Asy Syari'ah dijupuk saka tembung Syari'ah kang ana ing ayat kaping 18 surat iki.
Pokok-pokok Isi[sunting]
Keimanan
- Katrangan lan dalil-dalil kang nyebutake Gusti Allah iku ana lan gawe langit lan donya, ala lan becikkang digawe manungsa akibate dirasake dhewe.
- Allah ngelindung wong kang takwa
- Gusti Allah iku maha agung lan maha ageng
- Kepastian bahwa Allah-lah yang menghidupkan, mematikan dan menghimpunkan manusia pada hari kiamat
- Katrangan kang isine bab kadadeyan ing dina kiyamat lan piye saben wong nampa itungan amal ing akhirat.
- Nalika kiyamat bakalan katon wong-wong amalane wong musyrik ing donya lan wong musrik ora isa ucul saka adab kang nalika ing donya dionek-oneke.
Hukum-hukum
- Perintah marang Rasulullah s.a.w. supaya ora melu wong kang ora nggunakake akale kanggo kepengenane dhewe.
Crita
- Critane Bani Israil kang wis diwenehi nikmat dening Gusti Allah, nanging malah ora patuh karo ajaran agama, banjur ana kedadean bentrok antarane Bani Israil.
Liyane
- Ancaman marang wong musrik kang ingkar marang Gusti Allah lan sombong marang sapadha.
- Wurunge usul saka kaum Dahriyah (atheisme, skeptisme lan vrij denker), panjaluke masalah dina kiyamat.
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan Surat Al-Jasiyah |
| Surat Sadurungė: Surat Ad-Dukhan |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat Al Ahqaaf |
| Surat 45 |