Surat Al Faatihah
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Surat Al Faatihah (Arab الفاتحة) punika surat kapindhah Al-Quran mawi 7 ayat. Tegesipun "Pambuka".
[sunting] Tèks
- .بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
- .ٱلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ ٱلْعَـٰلَمِينَ
- .ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
- .مَـٰلِكِ يَوْمِ ٱلدِّينِ
- .إِيَّاكَ نَعْبُدُ وَإِيَّاكَ نَسْتَعِينُ
- .ٱهْدِنَا ٱلصِّرَ ٰط ٱلْمُسْتَقِيمَ
- .صِرَ ٰطَ ٱلَّذِينَ أَنْعَمْتَ عَلَيْهِمْ غَيْرِ ٱلْمَغْضُوبِ عَلَيْهِمْ وَلاَ ٱلضَّاۤلِّينَ
[sunting] Jarwanipun
- Kanthi nyebat asma Allah Ingkang Maha Mirah tur Ingkang Maha Asih.
- Sedaten puji punika kagunganipun Allah ingkang mangèrani alam saisinipun
- Ingkang Maha Mirah lan ugi Ingkang Maha Asih
- Ingkang nggadhahi ing dinten agami
- Namung dhumateng Paduka kawula manembah, lan namung dhumateng Paduka kawula nyuwun pitulungan
- Dhuh Allah, mugi nedhahaken margi ingkang leres dhumateng kawula
- (Inggih punika) marginipun para tiyang ingkangPaduka sami paringi nikmat sanès marginipun tiyang ingkang Panjenengan paringi bendu lan tiyang ingkang sami kesasar.[1]
[sunting] Cathetan sikil
- ↑ Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan. Bentènipun, sepindhah, jarwa ing mriki ngagem basa krami. Kaping kalih, ing ayat kaping sekawan, Muhammad Adnan ngagem tembung "ngratoni" kagem njarwakaken tembung "malik", déné ing seratan punika ngagem tembung "nggadhahi." "
| Artikel perkawis Islam menika taksih awujud tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |

