Surat Al Qashash
| al-Qasas القصص |
|
|---|---|
| Informasi | |
| Makna | Crita-Crita |
| Nami sanès | Musa |
| Klasifikasi | Makkiyah |
| Surat ka | 28 |
| Juz | Juz 20 |
| Statistik | |
| Gunggung ruku' | 9 ruku |
| Gunggung ayat | 88 ayat |
Surah Al-Qasas (Arab: القصص ,"Crita-Crita") punika surah ka-28 ing al-Qur'an. Surah punika dipun-turunaken ing Makkah sasampunipun Surat An-Naml lan kasusun saking 88 ayat. Surahpuniki dipunwastani surah Al-Qasas amargi mendhet dan terdiri dari 88 ayat. Irah-irahan Al-Qasas dipun-pendhet saking tembung ing ayat 25 ingkang maknanipun::
"Banjur salah satunggiling saking tiyang estri kakang-adhi sakloron punika dumugi kanthi langkah lingsem sinambi matur: Sayektinipun rama kawula manggihi panjenengan kagem males budhi panjenengan maringi toya kéwan ternak kawula . Mila nalika Musa dumugi pinanggihan lan atur cariyos-cariyos lelampahan ingkang sampun dipun-lakèni , tiyang sepuh punka ngendika:'Aja sliramu mangu, sliramu wis slamet saka wong-wong zalim iku."
Surah punika katurunaken sasampunipun kaum muslimin taksih dèrèng kiyat nalika taksih dipunkuya-kuya kaliyan tiyang-tiyang Musrikin Mekkah ing cekel panguwaosan lan urip mubra-mubru. Mila, Allah nurunaken surah punika dados pangèling tumrap riwayatipun Nabi Musa saking Fir'aun ingkang kejem lan kaméwahipun Qarun sarta maringi janji kagem kajayan Muhammad ing tembé.
Intisari Surah [sunting]
Sapérangan utama ing surah punika nyariosaken riwayatipun Nabi Musa saking prasatawa ing dumadi ing tanah kalairanipun sarta nuduhaken kejemipun Fir'aun lan pitulungan Allah tumrap Bani Israil nalika Nabi Musa wiwit angsal wahyu.
Cariyos bèntenipun:
- cariyos nabi-nabi rumiyin kagem bukti kenabian Nabi Muhammad
- kautaman ahlul kitab ingkang ngimani Nabi Muhammad s.a.w.
- pamaringan taufik dumateng kawula-Nipun ingkang gadhah iman.
- Allah ngleburaken padunung sawijining nagari amargi siya-siya kaliyan dhiri pribadi lan kaumipun
- boten wonten azab kagem kaum ingkang dérèng kautus rasul rasul.
- Kahanan tiyang kafir ing [[Kiamat (ISlam)}Dinten Kiamat]].
- Prabédan siang lan ndalu dados rahmat kanggé manungsa..
- Kasaénan bakal dipunwales Allah matikel-tikel déné tindak culika dipunwales sami imbang.
- Janji kajayan Nabi Muhammad s.a.w.
- Cariyos Qarun ingkang urip mubra-mubru.
Pranala njawi [sunting]
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan Surah Al-Qasas |
- (ms) Terjemahan Surah Al-Qasas di Al-Islam.com
| Surat Sadurungė: Surat An Naml |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat Al 'Ankabut |
| Surat 28 |