Surat Qaaf

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Qaf
Sura50.pdf
Informasi
Makna Qaf
Nami sanès al-Basiqat
(Yang Tinggi-Tinggi)
Klasifikasi Makkiyah
Surat ka 50
Juz Juz 26
Statistik
Gunggung ruku' 3 ruku
Gunggung ayat 45 ayat

Surah Qaaf (Arab: ق , "Qaf") iku surat ka-50 ing sajerone al-Qur'an. Surat iki kagolong surat makkiyah kang kadadeyan saka 45 ayat. Dijenengi Qaf amarga surat iki diwiwiti nganggo aksara Qaf. Miturut hadits riwayat Imam Muslim, yen Nabi Muhammad seneng maca surat iki nalika raka'at sing kapisan nalika sholat subuh lan nalika riyaya. Nanging miturut riwayat Abu Daud, Al-Baihaqi lan Ibnu Majah nyebutake yen Nabi Muhammad maca surat iki nalika Kotbah sholatlat Jum'at. Saka loro riwayat iku nuduhake yen surat Qaf iku sering diwaos Nabi Muhammad ing panggon umum, kanggo ngelengake manungsa perkara babagan anugrah kang diawenehake marang manungsa. Saliyane iku uga ana babagan dina uripe makhluk nalika bubar kiyamat utawa berbangkit, dina berhisab, surga, neraka, ganjaran, dosa, lsp. Surat iki diarani ugai Al-Basiqat dijupuk saka tembung Al-Basiqat kang ana ing ayat 10 surat iki.



Surat Sadurungė:
Surat Al Hujurat
Al-Qur'an Surat Sabanjurė:
Surat Az Zariyat
Surat 50
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Surat_Qaaf&oldid=652038"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès