Surat Al Jin
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| al-Jinn |
|
|---|---|
| Informasi | |
| Makna | Jin |
| Klasifikasi | Makkiyah |
| Surat ka | 72 |
| Juz | Juz 29 |
| Statistik | |
| Gunggung ruku' | 2 ruku' |
| Gunggung ayat | 28 ayat |
Surat Al-Jinn (Arab: الجنّ ,"Jin") iku surat ka-72 jroning al-Qur'an. Surat iki kagolong surat Makkiyah lan dumadi saka 28 ayat. Dijenengaké "al-Jinn" sing maknané "Jin" dijupuk saka tembung "al-Jinn" sing ana ing ayat pisanan surat iki. Ing ayat kasebut lan ayat-ayat sabanjuré diterangaké yèn Jin minangka makhluk alus wis krungu pamacané al-Qur'an lan jin mèlu ajaran al-Qur'an kasebut.
Isi [sunting]
- Sesurupan ngenani jin déning Nabi Muhammad liwat dalan wahyu
- Pratélan iman sagolongan jin marang Allah
- Jin ana sing iman nanging ana uga sing kafir
- Janji Allah marang jin lan manungsa, bakal nglimpahaké rezeki-Né yèn padha mèlu dalan sing lempeng
- Janji pangayoman Allah marang Nabi Muhammad lan wahyu sing diasta.
Pranala njaba [sunting]
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan Surah Al-Jinn |
| Surat Sadurungė: Surat Nuh |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat Al Muzzammil |
| Surat 72 |