Surat Adh Dhuha
| ad-Duha |
|
|---|---|
| Informasi | |
| Makna | Waktu Duha |
| Klasifikasi | Makkiyah |
| Surat ka | 93 |
| Juz | Juz 30 |
| Statistik | |
| Gunggung ruku' | 1 ruku' |
| Gunggung ayat | 11 ayat |
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan Surat Adh Dhuha |
Surat Ad-Duha (basa Arab:الضحى) yaiku surat kaping 93 sajroning al-Qur'an lan dumadi saka 11 ayat. Surat iki kalebu golongan surat Makkiyah lan mudhune sawise Surat Al Fajr. Jeneng Adh Dhuha kajupuk saka tembung kang ana ing ayat kapisan, kang tegese "wektu srengenge munggah sepenggalahan".
Surat Adh Dhuha, nerangake babagan bimbingan pangopenaning Gusti Allah SWT marang Nabi Muhammad SAW kanthi ora tau mandheg lan ngandhut printah marang Nabi supaya syukur marang nikmat kang diparingi dening Gusti Allah.
Tèks [sunting]
بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
وَالضُّحَىٰ ﴿١﴾ وَاللَّيْلِ إِذَا سَجَىٰ ﴿٢﴾ مَا وَدَّعَكَ رَبُّكَ وَمَا قَلَىٰ ﴿٣﴾ وَلَلْآخِرَةُ خَيْرٌ لَّكَ مِنَ الْأُولَىٰ ﴿٤﴾ وَلَسَوْفَ يُعْطِيكَ رَبُّكَ فَتَرْضَىٰ ﴿٥﴾ أَلَمْ يَجِدْكَ يَتِيمًا فَآوَىٰ ﴿٦﴾ وَوَجَدَكَ ضَالًّا فَهَدَىٰ ﴿٧﴾ وَوَجَدَكَ عَائِلًا فَأَغْنَىٰ ﴿٨﴾ فَأَمَّا الْيَتِيمَ فَلَا تَقْهَرْ ﴿٩﴾ وَأَمَّا السَّائِلَ فَلَا تَنْهَرْ ﴿١٠﴾ وَأَمَّا بِنِعْمَةِ رَبِّكَ فَحَدِّثْ ﴿١١
Jarwanipun [sunting]
- Dhemi wayah esuk.
- Lan wengi nalikane peteng.
- Pangeranira ora ninggal sira lan ora duka marang sira.
- Tumraping sira akherat iku luwih becik tinimbang donya.
- Lan Pangeranira bakal enggal apaparing marang sira, supaya sira rena (lega).
- Apa Alah ora uninga yen sira iku bocah yatim, banjur aparing pangayoman.
- Allah nguningani yen sira iku bingung nuli dituduhake dalan (pituduh).
- Allah nguningani yen sira iku ora duwe nuli disugihake.
- Dene bocah yatim iku aja sira kanihaya.
- Lan yen ana wong jejaluk, aja sira nulak.
- Peparinge Pangeranira kabungahan sira handhak-kandhakna.
Pokok-Pokok Isi [sunting]
- Gusti Allah SWT sepisan-pisan ora bakal ninggalaké Nabi Muhammad SAW
- Isyarat saka Gusti Allah SWT yen uripé Nabi Muhammad SAW lan dhakwahé kang bakal tambah apik lan tuwuh ngrembaka
- Ora kena ngécé bocah yatim lan nyenèni wong kang njaluk-njaluk
- Préntah nyebut-nyebut nikmat saka Gusti Allah minangka tandha syukur
| Surat Sadurungė: Surat Al Lail |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat Al Inshirah |
| Surat 93 |