Moluska: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
c éjaan using AWB
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Strukur lan fungsi awak: éjaan, replaced: bagéyan → pérangan
Larik 38: Larik 38:


=== Strukur lan fungsi awak ===
=== Strukur lan fungsi awak ===
Awak kéwan iki kawangun saka telung bagéyan, ya iku [[sikil]], [[awak]], lan [[mantel (hewan)|mantel]].
Awak kéwan iki kawangun saka telung pérangan, ya iku [[sikil]], [[awak]], lan [[mantel (hewan)|mantel]].


[[Sistem saraf]] moluska dumadi saka cincin saraf sing nduwèni [[esofagus]] kanthi serabut saraf sing nyebar. Sistem pancernaané pepak, dumadi saka [[cangkem]], [[esofagus]], [[lambung]], [[usus]], lan [[anus]].
[[Sistem saraf]] moluska dumadi saka cincin saraf sing nduwèni [[esofagus]] kanthi serabut saraf sing nyebar. Sistem pancernaané pepak, dumadi saka [[cangkem]], [[esofagus]], [[lambung]], [[usus]], lan [[anus]].

Révisi kala 7 Agustus 2017 06.16

Moluska (Mollusca)
Kalamangsa: Ediacaran/Kambrium - kini
Nus Karibia, Sepioteuthis sepioidea
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Mollusca
Linnaeus, 1758
Kelas
Caudofoveata
Aplacophora
Polyplacophora
Monoplacophora
Bivalvia (kerang-kerangan)
Scaphopoda
Gastropoda (siput-siputan)
Cephalopoda (gurita, nus, dan sotong)
Rostroconchia
Helcionelloida

† ?Bellerophontida

Moluska (filum Mollusca, saka basa Latin: molluscus = empuk) minangka kéwan triploblastik selomata sing awaké empuk. Jroning filum iki kalebu kabèh kéwan empuk mawa cangkang utawa ora, kayadéné manéka jinis siput, kiton, kerang-kerangan, sarta nus lan kerabaté.

Moluska minangka filum paling gedhé kaloro jroning krajan kéwan sawisé filum Arthropoda. Wektu iki dikira-kira ana 75 èwu jinis, ditambah 35 èwu jinis jroning wangun fosil. Moluska urip ing segara, banyu tawar, payau, lan dharat. Saka palung bawana ing segara nganti pagunungan sing dhuwur, malah uga gampang tinemu ing saubengé omah.

Moluska disinaoni jroning cawang zoologi sing disebut malakologi (malacology).

Ciri awak

Awaké ora nganggo sègmèn. Simetri bilateral, dumadi saka "sikil" muskular, kanthi endhas sing tuwuh werna-werna miturut kelasé. Sikil dianggo adhaptasi supaya tahan ing substrat, ndhudhuk lan ngebur substrat, utawa obah (mlaku).

Ukuran lan wangun awak

Ukuran lan wangun awak moluska iku akèh variasiné. Upamané, bekicot sing dawané mung sawetara milimèter kanthi wangun bunder lonjong. Nanging, ana uga nus raseksa kanthi wangun torpedo mawa swiwi sing dawané luwih saka 18m.

Strukur lan fungsi awak

Awak kéwan iki kawangun saka telung pérangan, ya iku sikil, awak, lan mantel.

Sistem saraf moluska dumadi saka cincin saraf sing nduwèni esofagus kanthi serabut saraf sing nyebar. Sistem pancernaané pepak, dumadi saka cangkem, esofagus, lambung, usus, lan anus.

Anatomi moluska relatif mèmper karo vertebrata. Bab iki nyebabaké akèh ahli ngira yèn vertebrata lan moluska isih nduwèni hubungan évolusi. Bab iki dikuwataké uga kanthi kanyatan yèn moluska, utamané Cephalopoda, nduwé utek sing tuwuh apik lan ana sing kabukti nduwèni kamampuan pangéling-éling sing kuwat.