Kabupatèn Jepara

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Kabupaten Jepara)
Jepara
كَبُڤَتَينْ جٚڤَرَ
ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦗꦼꦥꦫ
Kabupatèn

Lambang
Sesanti: Trus Karyo Tataning Bumi

Pernahé Jepara ing Jawa Tengah
NagaraIndonésia
ProvinsiJawa Tengah
Kutha krajanJepara
Pamaréntahan
 • BupatiK.H. Ahmad Marzuqi, S.E. (2012-2017)
Laladan
 • Gunggung1,004,16 km2 (0,38.771 sq mi)
Cacah warga (Sensus 2015)
 • Gunggung1,188,289
 • Pepadhet1,2/km2 (3,1/sq mi)
Bebrayan
 • WongJawa, Arab, Cina lan liya-liya
 • BasaJawa lan Indonesia
 • KepercayanIslam, Kristen Protestan, Katulik, Hindu, Buddha
Zona wektuWIK (UTC+7)
Kodhe laladan(+62) 291 (daratan)
(+62) 297 (Karimunjawa)
Situs wèbwww.jepara.go.id
(ing basa Indonésia)

Kabupatèn Jepara (Carakan: ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦗꦼꦥꦫ, Pegon: كَبُڤَتَينْ جٚڤَرَ), iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing sisih wétan, kutha Jepara iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.004,16 km² utawa hèktar. Kabupatèn Jepara uga diarani karo jeneng "Kabupatèn Jepasisirn".

Sajarah[besut | besut sumber]

Jeneng Jepara asal saka tembung Ujung Para, Ujung Mara lan Jumpara kang sabanjuré owah dadi Jepara, kang tegesé sawijining papan panggon para pedagang kang dol-tinuku menyang laladan-laladan liya. Miturut buku “Sajarah Baru Dinasti Tang (618-906 M)”yèn ing taun 674 M, musafir Tionghoa I-Tsing tau teka ing nagari Holing utawa Kaling utawa Kalingga kang uga ingaran Jawa utawa Japa lan dipercaya dunungé ing Keling, kawasan wétan Jepara saiki. Tlatah mau dipanggedhèni déning ratu wanita ajejuluk Ratu Shima kang kaloka tegas.

Miturut panulis Portugis Tome Pires sajeroning bukuné “Suma Oriental”, Jepara lagi kaloka ing abad kaping 15 (1470 M) minangka bandar dedagangan cilik kang didunungi déning 90-100 wong lan dipanggedhèni déning Aryo Timur lan ana ing sangisoré papréntahan Demak. Sabanjuré Aryo Timur diganti déning putrané kang asmané Pati Unus (1507-1521). Pati Unus nyoba yasa Jepara dadi kutha niaga.

Géografi[besut | besut sumber]

Kabupatèn Jepara dumunung ing pasisir lor sisih wétan Jawa Tengah, saéngga ing sisih kulon lan lor kabupatèn iki diwatesi déning sagara. Pérangan wétan wewengkon kabupatèn iki wujud tlatah pagunungan.

Wewengkon Kabupatèn Jepara uga nyakup Kapuloan Karimunjawa, yaiku gugusan pulo-pulo ing Sagara Jawa. Pulo kang gedhé dhéwé yaiku Pulo Karimunjawa lan Pulo Kemujan. Sapérangan gedhé wewengkon Karimunjawa dilindhungi sajeroning Cagar Alam Sagara Karimunjawa. Panyebrangan menyang kapuloan iki dilayani déning kapal ferry kang budhal saka Pelabuhan Jepara. Karimunjawa uga ana lapangan terbang kang bisa didharati pesawat asal saka Semarang.

Papréntahan[besut | besut sumber]

Kabupatèn Jepara ketata sajeroning 16 kacamatan, 16 kalurahan lan 178 désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Jepara yaiku:

Tokoh-tokoh Jepara[besut | besut sumber]

Pariwisata[besut | besut sumber]

Wisata Alam[besut | besut sumber]

Wisata Sajarah[besut | besut sumber]

Wisata cagar budaya[besut | besut sumber]

Wisata Religi (Ziarah)[besut | besut sumber]

  • Cirosomo (Makam Para Adipati/Bupati yang pernah memimpin Jepara dan kulawarga besar R.A Kartini), ing Sendang
  • Makam Sultan Hadiri (Sunan Hadirin) dan Ratu Kalinyamat sarta Radèn Abdul Jalil (Sunan Jepara), ing Mantingan
  • Makam Syeh Siti Jenar, ing Kelet
  • Makam Habib Sodiq (Yek Nde), ing Kriyan
  • Makam Mbah Roboyo, ing Robayan
  • Makam Datuk Gunardi, ing Singorojo
  • Makam Habib Ali, ing Mayong
  • Makam Ronggo Kusumo, ing Manyargading
  • Makam Syeh Abu Bakar, ing Pulau Panjang
  • Makam Pangeran Syarif dan Mbah Jenggolo, ing Saripan
  • Makam Ki Gede, ing Bangsri
  • Makam Syeh Amir Hasan (Sunan Nyamplungan), ing Karimunjawa

Wisata Kulawarga[besut | besut sumber]

Wisata Belanja[besut | besut sumber]

Perayaan[besut | besut sumber]

Kagunan budaya[besut | besut sumber]

Di kabupatèn Jepara terdapat berbagai jinis kesenian, yaiku:

Kuliner Khas Jepara[besut | besut sumber]

Panganan[besut | besut sumber]

Panganan Khas Jepara:

  • Pindang Serani
  • Singit
  • Semur Jepara
  • Opor Panggang = Opor ayam kang sabanjuré dipanggang, banjur disajike kanthi tambahan sawatara lawuh. Panganan iki uga ana ing wauah ésuk.
  • Pecel Ikan Laut Panggang = iwak sagara bakar kanthi bumbu sambel santen klapa.
  • Semur Jepara = digawé saking daging, garam, merica bubuk, pala bubuk, kecap manis, lenga kanggo menumis, lsp.
  • Sayur Pepaya Jepara = masakan iki racaké disajikan ing waktu siyang, Sayur Pepaya Jepara bahan mligi saking Kates enom kang dicampur santen, kluwek, lsp.
  • Sayur Asem Jepara = Sayur asem asal Jepara iki pancen mirib karo sayur asem saking Jakarta, Sayur Asem Jepara ora koyo sayur asem asal Jawa Tengah kang cenderung bening.
  • Gule Petih Jepara = Digawé saking daging wedus kang lembut lan campuran bumbon crakèn, gule petih jepara iki cocog dipangan ing dina hari raya lebaran utawa idul adha.
  • Laksa Jepara = digawé saking daging pithik, urang jerbung, kaldu pithik, santan, sereh, godong jeruk, uyah, lsp.
  • Rempah Jepara = digawé saking rempahan tahu ingkang dicampur endhog utawi rempahan daging iwak ingkang di campur kelapa parutan.
  • Sate Sapi Jepara = yaiku sate ingkang gunake daging Sapi kang di campur karo bumbu-bumbu kas Jepara.
  • Bakso Ikan Ekor Kuning (Bakso Karimunjawa) = Biasane Bakso gunake daging sapi. nanging ing Jepara Bakso menggunakan daging ikan buntut kuning.
  • Sayur Betik = Panganan asal Jepara iki menggunakan kates enom lan daging tetelan dadi bahan mligi.
  • Kelan Antep = Digawé saking daging tanpa lemak, laos, godong salam, bawang abang, bawang puteh, cabai abang, asem jawa, gula pasir, dll
  • Sayur Keluak Ayam = punika digawé saking daging pithik, kluwak, lsp..
  • Kagape kambing = Kagape kambing gampang ditemuni waktu hari raya Idul Adha, sebabe Kagape Kambing punika panganan kas Jepara waktu Idhul Adha.
  • Siomay Tongkol = Bahan-bahane yaiku tepung, daging iwak tongkol, banyu, dll
  • Tongseng Cumi = Tongseng racaké gunake daging wedus, sapi, atau kerbau. Nanging ing Jepara nganggé daging Nus mula dijenengi Tongseng Cumi.
  • Horok-Horok = digawé saking tepung sagu ingkang dikukus.
  • Sate Kikil = Sate kikil utawa ingaran sate cecek yaiku kang racaké kanggo lawuh mangan Horok-horok.
  • Bontosan = adonan krupuk iwak tenggiri awangun glondongan lan wis dikukus.
  • Kuluban = urap-urap nganggo nangka anom, kacang panjang lan godhong kacang anom, taugé mentah, lan woh peté, disajèkaké mentahan.
  • Horok-horok = panganan iki digawé saka bahan baku sagu.
  • Latuh/Lato = sajinis suket sagara.
  • Tempong (blenyik) = iwak teri mentah kang digaringaké.

Jajanan[besut | besut sumber]

Jajanan Khas Jepara:

  • Rondo Royal = tapé gorèng kang dibuntel glepung.
  • Turuk Binthol = beras ketan dicampur kacang tolo, trus digodog nganti mateng, di taburi kelapa parut.
  • Klenyem = ketéla parut gorèng isi gula abang.
  • Kenyol = ketéla parut dibuntel godhong gedhang lan tengahé diisi gula abang, cara masak dikukus.
  • Nogosari = glepung dibuntel godhong gedhang lan tengahé diisi gedhang mateng, cara masak dikukus.
  • Moto Belong = ketéla parut dibuntel godhong gedhang lan tengahé diisi gedhang, cara masak dikukus, lan disajèkaké wujud diiris-ieis rada miring.
  • Hoyok-Hoyok = Panganan iki jenenge Hoyok-hoyok atawa uga ingaran Oyol-Oyol digawé saking tepung tapioka di campur air lan ketela, ditambahi parutan kelapa. Hoyok-hoyok iku versi manis saking Horok-Horok.
  • Poci = tepung saka ketan kang dibuntel godhong gedhang lan diwangun kerucut diisi campuran klapa parut lan gula abang.

Ombenan[besut | besut sumber]

Ombenan Khas Jepara:

  • Sutet = Susu Telor Tegangan Tinggi
  • Adon-adon Coro = ombènan jahé santen kanthi irisan klapa bakar.
  • Wedang Horok-Horok = Horok-horok uga saged dadi ombenan, yaiku Wedang Horok-Horok disajikan anget-anget ing cuaca adem lan uga bisa disajikan karo es batu ing cuaca kang panas.
  • Es Gempol = ombènan santen lan gempol (bal saka glepung beras), biyasa disajèkaké legi, asin, anget utawa adhem.
  • Es Pleret = ombènan santen lan pleret (glepung beras) mèmper gempol.
  • Dawet Jepara = kagawé saka bahan-bahan glepung sagu, gula abang asli, santen klapa.
  • Kopi Dapur Kuat = Kopi dapur kuwat gampang ditemuake ing warung kopi laladan kacamatan Keling. Kopi dapur Kuwat punika campuran bubuk Kopi saking laladan kopi unggul yaiku damarwulan, Tempur, Kunir, Watuaji. Sehingga kopi kang dihasilake saking racikan punika nikmat banget lan istimewa.
  • Kopi Tempur = Kopi Tempur punika kopi ingkang dadosipun saking wiji kopi saking désa Tempur, tanpa campuran saking kopi désa liyané.

Oleh-olèh[besut | besut sumber]

Oleh-olèh Khas Jepara:

  • Kacang Oven
  • Kacang Jepara = Kacang tanah yang masih ada kulitnya alias belum di kupas kulitnya, di sangrai dengan pasir putih sampai warna kulit kacang menjadi kehitaman.
  • Trasi Jepara.
  • Durèn Petruk (Durio Zybethinus Kultivar Petruk)
  • Jeruk Jepara (Limnocitrus Littoralis (miq) Swingle).
  • Gerèh Iwak Teri = Iwak teri kang digawé asin, akèh-akèhé saka pulo karimunjawa.

Potensi[besut | besut sumber]

Jepara kaloka minangka kutha ukir, amarga akèh tinemu sentra kerajinan ukiran kayu kang misuwur tekan manca nagara. Kerajinan mèbel lan ukir iki kasebar warata mèh kabèh kacamatan lan sentra perdagangané ana ing wewengkon Ngabul, Senenan, Tahunan, Pekeng, Kalongan lan Pemuda. Kajaba iku, Jepara minangka kutha kelairan pahlawan wanita Indonésia R.A. Kartini.

Potensi Kabupatèn Jepara:* Industri Mebel Ukir Jepara. Industri iki kasebar ing tlatah Jepara, kajaba Kacamatan Karimun Jawa

Komoditas Ekspor[besut | besut sumber]

Kabupatèn Jepara gadhah komoditas ekspor, yaiku:

  • Produk Mebel Ukir Jepara, Industri iki kesebar amba ing arep setiap kacamatan ing Kabupatèn Jepara, kecuali Kacamatan Karimunjawa
  • Kerajinan Mainan Anak-anak, saking Karanganyar
  • Kerajinan Tenun Ikat Troso, saking Troso
  • Kagunan Relief, saking Senenan
  • Kerajinan Patung Macan Kurung, saking Mulyoharjo
  • Kerajinan Anyaman Bambu, saking Kendengsidialit dan Sidigede
  • Kerajian Rotan, saking Telukwetan

Priksani Ugi[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]


  1. "Saudara Swalayan". Diarsip saka sing asli ing 2011-08-31. Dibukak ing 2014-11-27.