Surat At Tin
| at-Tin |
|
|---|---|
| Gambar:At-Tin.png |
|
| Informasi | |
| Makna | Woh Tin |
| Klasifikasi | Makkiyah |
| Surat ka | 95 |
| Juz | Juz 30 |
| Statistik | |
| Gunggung ruku' | 1 ruku' |
| Gunggung ayat | 8 ayat |
Surat At Tin (Arab: التِّينِ , "Woh Tin") iku surat ka-95 jroning al-Qur'an. Surat ini dumadi saka 8 ayat lan kalebu golongan surat Makkiyah. Surat iki diudhunaké sawisé surat Al-Buruj. Jeneng At Tin dijupuk saka tembung At Tin sing ana ing ayat pisanan surat iki sing maknané woh Tin.
Bab lan Paragraf |
Tèks [sunting]
بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
وَالتِّينِ وَالزَّيْتُونِ ﴿١﴾ وَطُورِ سِينِينَ ﴿٢﴾ وَهَٰذَا الْبَلَدِ الْأَمِينِ ﴿٣﴾ لَقَدْ خَلَقْنَا الْإِنسَانَ فِي أَحْسَنِ تَقْوِيمٍ ﴿٤﴾ ثُمَّ رَدَدْنَاهُ أَسْفَلَ سَافِلِينَ ﴿٥﴾ إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ فَلَهُمْ أَجْرٌ غَيْرُ مَمْنُونٍ ﴿٦﴾ فَمَا يُكَذِّبُكَ بَعْدُ بِالدِّينِ ﴿٧﴾ أَلَيْسَ اللَّهُ بِأَحْكَمِ الْحَاكِمِينَ ﴿٨
Jarwanipun [sunting]
- Dhemi woh Tiin, lan woh zaitun.
- Dhemi gunung Thursina.
- Dhemi negara (Mekkah) kang tata tentrem.
- Temen Ingsun wis gawe manungsa ing dalem becik - becikeing dumadi.
- Banjur Ingsun balekake dadi asoring asor.
- Kejaba kang padha angestu lan anindakake panggawe becik iku padha oleh ganjarang kang tanpa pedhot.
- Lan sawise mengkono sapa kang bisa maido marang sira prakara putusan?
- Apa Allah iku dudu becik - becike juru hukum?[1]
Ringkesan isi [sunting]
Surat at-Tin diwiwiti kanthi sumpah Allah sing nyebut woh Tin, woh Zaitun, Gunung Sinai, lan Mekkah (ayat 1 nganti 4). Ayat sabanjuré njelasaké yèn manungsa diciptakaké jroning wangun sing paling apik. Senadyan mangkono, manungsa wekasané bakal bali menyang panggonané sing paling cendhèk utawa paling hina yèn ora nglakoni printah Allah. Wong sing bakal slamet saka kainan ya iku wong sing iman lan nglakoni amal shaleh lan bakal antuk pahala sing terus-terusan. Ayat ka-7 njlèntrèhaké Muhammad iku utusan Allah, sing ajarané ora olèh disélaki. Ayat pungkasan nyatakaké yèn Allah iku "Hakim Sing Paling Adil"
Rujukan [sunting]
- ^ Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.
Pranala njaba [sunting]
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan Surat At Tin |
| Surat Sadurungė: Surat Al Insyirah |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat Al 'Alaq |
| Surat 95 |