Banjul
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Banjul kuwi ibukutha Gambia kang dumunung ing Pulo St Mary koordinat 13°28′ LU 16°36′ BB. Pedunungé ana 34.828 jiwa (2003).
[sunting] Sajarah
Banjul didegaké taun 1816 déning Britania Raya minangka pos perdagangan lan kanggo kapentingan penghapusan perdagangan budak. Kutha iki biyèn jenengé Bathurst sawisé Henry Bathurst, sekretaris Kantor Kolonial Britania, banjur diganti dadi 'Banjul' taun 1973.
Tanggal 22 Juli 1994, kudeta dilancaraké ing kutha iki. Kanggo mèngeti prastawa mau, Arch 22 sing dhuwuré 35 m dibangun minangka gerbang mlebu kutha Banjul.
[sunting] Ekonomi
Banjul minangka salah siji wewengkon kutha kang nopang roda ekonomi lan pamaréntahan Gambia. Industri utamané yakuwi pemrosèsan kacang. Komoditas ekspor liyané arupa lilin tawon, lenga sawit lan kayu sawit.
Kutha iki dilayani déning Bandara Internasional Banjul. Kapal feri ngubungaké Banjul karo kutha Barra.
[sunting] Pranala jaba
- Access Gambia - Hotels, News, Travel & Photos
- WOW-Gambia News and Information
- Gambia Site with history of Banjul
- Gambia News
| Artikel perkawis geografi punika taksih arupi seratan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |