Asmara

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Asmara ing Eritrea

Asmara kuwi ibukutha Eritrea kanthi populasi ±579.000 jiwa. Mayoritas industri yakuwi tèkstil lan sandhangan, daging prosès, bir, sepatu lan keramik.

Asmara dumunung ing 15°20' lor lan 38°55' wétan (15.333, 38.91667).

[sunting] Sajarah

Ing jaman biyèn, Asmara dumadi saka patang désa cilik kang madeg ing wiwitan abad kaping 12 minangka pusat dagang lan banjur dadi pusat administratif regional Ethiopia, Ras Alula.

Sabanjuré dhaérah iki dijajah déning Italia ing taun 1889 lan dadi ibukutha Eritrea ing taun 1897. Ana ing pungkasan taun 1930-an, Italia ngowahi struktur kutha iki kanthi struktur kutha kang béda lan wangunan-wangunan anyar; Asmara banjur dijenengaké 'Piccola Roma' (Miniatur Roma). Dina iki sebagéan gedhé wangunan-wangunan gedhé arupa wangunan paninggalan Italia lan akèh pertokoan kang isih nganggo jeneng Italia (Contoné: "Bar Vittoria", "Pasticceria moderna", "Casa del formaggio", "Ferramenta")..

Samangsa perang kamardikan Eritrea saka Ethiopia, bandhar udhara ing Asmara dadi lokasi konflik utama. Bandhara kasebut uga dipigunakaké déning Ethiopia kanggo nampa pasokan gaman saka pendhukung asing. Asmara dadi kutha pungkasan kang dibébasaké déning Front Pembebasan Rakyat Eritrea (EPLF), wiwit dikuwasani ing taun 1990 lan dipasrahké tanpa perlawanan déning tentara Ethiopia tanggal 24 Mei 1991.


[sunting] Pranala njaba

Africa2.PNG
Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Asmara"