Sepatu

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Sepatune wong lanang
Sepatune wong wadon (stiletto)

Sepatu yaiku lapik utawa barang kang digunakaké kanggo mbuntel sikil.[1] Biasané digawé saka kulit, karet, kain lsp.[1] Panggonan telapak lan tungkaké kandel lan atos.[1]. Saiki sepatu ora mung kanggo alas sikil, nanging wis dadi pérangan penting kanggo penampilané wong.[2]

Bab lan Paragraf

[sunting] Jinis

Jenis sepatu kanggo wong wadon ana pirang-pirang, antarané:[2]

  1. Open Toe Shoes:pucuké bukaan, bagian mburi tutupan. Pantes kanggo acara formal utawa informal, untungé nganggo sepatu modèl iki yaiku sikil ora cepet kringetan.
  2. Pump Shoes:Pump shoes diartiké sepatu labu. Diundang kaya ngono merga pucuk sepatu mirip buah waluh, bentuké setengah bunder, sepatu modhél iki cocok dikombinasikaké karo rok mini.
  3. Sling Back Shoes:ciri-ciriné sepatu modhèl iki yaiku ana tali sing nggubet ing pergelangan sikil. Kerep disebut sepatu sandhal. Cocok digunakaké nalika nganggo rok modhèl A-line supaya ngetokaké kesan feminin.
  4. Wedge Heel:Wedge Heel iki jénis sepatu sing duwé ukuran hak sing méh padha ing bagian ngarep lan mburiné.
  5. Kitten Heel:Sepatu sing duwé hak cendhèk. Luwih cocok digunakaké ing acara kasual.
  6. ''Stiletto'':Bagian ngarep lancip lan duwé hak sing lancip uga dhuwur. Cocok dikombinasikaké karo gaun. Sepatu iki bisa ngetokake kesan ''feminin'' lan seksi.
  7. Selop: sepatu sing uga disebut slipper iki duwé ciri-ciri bagiyan ngarep tutupan kaya sepatu nanging bageyan mburi bukaan, mirip sandal.
  8. Boots: Sepatu sing ketutup sekabehané.
  9. Sports:Sepatu kets. Sepatu sing biasané digunakaké nalika olahraga.

Jenis sepatu kanggo wong lanang yaiku:[3]

  1. Dress Shoe: sepatu jenis iki dienggo ing acara-acara formal. Mbiyén, sepatu iki wernané mung ireng. Nanging saiki wis ana wèrna coklat lan putih.
  2. Casual Shoes: digunakaké ing acara-acara santai lan semi formal. Sing klebu sepatu jenis iki yaiku ''sneakers'', ''loafins'',lan ''moccasins''
  3. Athletic/Sport Shoes; sepatu kang dienggo olahraga iki digawé lan dipaské karo jenis olahragané.

[sunting] Cara Ngrumat Sepatu

Bab-bab sing kudu digatekaké nalika ngresiki sepatu.[4]

  1. Resiki regedan sadurungé disemir
  2. Rutin anggoné nyemir
  3. Cepet digaringaké nalika teles
  4. Sikil kuduné garing nalika arep nganggo
  5. Duwé sepatu luwih saka sepasang supaya bisa ganti lan supaya sepatu ora cepet rusak merga dienggo terus.
  6. Resiki lumpur sing nèmplèk ing sepatu nalika wis garing
  7. Aja ngumbah sepatu nganggo mesin
  8. Adohke saka sorot srengéngé langsung
  9. Gunakaké baking soda kanggo ngilangi ganda bacin
  10. Simpen sing apik

Cara ngrumat sepatu manut bahan sepatu.[5]

[sunting] Sepatu kulit

  1. Resiki saka lebu lan regedan sawisé dienggo. Yen prelu lap nganggo lap sing rada teles. Tepuk-tepuk banjur angin-anginake sepatu nganti garing.
  2. Aja lali menehi ''mointurizer'' sadurunge nyimpèn. Kuwi dilakokaké supaya sepatu ora garing.
  3. Simpen sepatu ing njero plastik sing ditaléni rapet. Lebokaké ing kothak sing wis diwénéhi ''silika gel''.

[sunting] Sepatu sintetis

  1. Resiki saka lebu lan regedan sawise dienggo. Resiki nganggo sikat, yen prèlu lap nganggo lap sing rada teles. Aja dikumbah nganggo ''detergen''.
  2. Angin-anginake ing panggon sing adem nganti garing.
  3. Aja lali ménéhi silica gél ing jero kothak sing dienggo nyimpen.

[sunting] Sepatu bahan kets utawa kanvas

  1. Kumbah nganggo deterjen lan banyu. Bilas nganti bener-bener resik.
  2. Garingaké ing panggon sing panas.
  3. Semprot nganggo ''antiseptik'' sawise garing. Simpen ing kothak sing wis diwènèhi silica gel.

[sunting] Pranala njaba

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c artikata(kaunduh tanggal 7 April 2011)
  2. a b [1](kaunduh tanggal 7 April 2011)]
  3. fashionpria(kaunduh tanggal 7 April 2011)]
  4. fashionpria(kaunduh tanggal 7 April 2011)]
  5. [2](kaunduh tanggal 7 April 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Sepatu&oldid=671236"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès