Arecaceae
| Arecaceae (suku pinang-pinangan) | |
|---|---|
| Kelapa Cocos nucifera | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Liliopsida |
| ordo: | Arecales |
| kulawarga: | Arecaceae Schultz-Schultzenstein |
| Genera | |
|
Akèh; pirsani daftar marga anggota Arecaceae |
|
Suku pinang-pinangan utawa Arecaceae minangka saklompok tetanduran ngembang sing akèh anggotané lan nduwèni aji jroning kauripan manungsa. Klapa dikenal déning kabèh wong ing tlatah tropika minangka tanduran sarwa guna. Semono uga arèn lan pinang. Pamanfaatané nyakup mèh kabèh bagéan tanduran, nanging utamané wohé. Masarakat Indonesia, khususé ing Maluku, manfaataké tanduran iki minangka sumber panganan utama yaiku sagu sing dijupuk saka wit jinis Metroxylon sago, bab iki minangka kaunikan dhéwé jroning babagan panganan pokok masarakat ing donya. Suku iki biyèn dikenal minangka Palmae lan nyakup kabèh tanduran sing biasa disebut palma utawa palem.
Pamerian [sunting]
Anggota suku iki relatif gampang dikenali déning wong biasa.
Biasané awangun wit, grumbul utawa perdhu kanthi wit sing arang-arang duwé cawang lan tuwuh tegak mendhuwur. Tuwuh sacara wit tunggal (umpamané klapa) lan uga ana asing nggrumbul (umpamané salak). Sawetara anggotané setengah mrambat utawa mènèk (contoné rotan).
Anggota-anggota klompok [sunting]
Ing ngisor iki sawetara anggota Arecaceae sing wigati utawa dikenal jroning kauripan manungsa sedina-dina:
- Arenga pinnata (enau/kolang-kaling)
- Cocos nucifera (kelapa)
- Phoenix dactylifera (kurma)
- Salacca zalacca (salak)
Gambar:SALACCA EDULIS.JPGPohon Salak
- Metroxylon sago (rumbia/sagu)
- Elaeis guineensis (kelapa sawit)
- Borassus flabellifer (lontar/siwalan/atep)
- rotan(Calamus rottan)
- Chrysalidocarpus lutescens (palem kuning)
- Cyrtostachys lakka (palem merah)
- Corypha utan (gebang)
- Roystonea regia (palem raja)
Gambar:Palm Raja.JPGPalem Raja
- Hyophorbe lagenicaulis (palem botol)