Henri Bergson

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Henri-Louis Bergson
Lair (1859-10-18)Oktober 18, 1859
Paris, Prancis
Pati Januari 4, 1941(1941-01-04) (umur 81)
Paris, Prancis
Kala 20th century philosophy
Tlatah Western Philosophy
Aliran Continental philosophy
Penghargaan Nobel dalam Sastra
1927
Karsa pokok
Metaphysics, Epistemology, philosophy of language,
philosophy of mathematics
Gantha misuwur
Duration, Intuition,
Élan Vital,
Open Society

Henri-Louis Bergson (lair ing Paris, Prancis, 18 Oktober 1859 – pati ing Paris, Prancis, 4 Januari 1941 ing yuswa 81 taun) inggih punika filsuf Prancis ingkang gadhah prabawa ageng dhumateng tarutama nalika awal abad kaping 20. Piyambakipun lair saking ibu ingkang kebangsaanipun Inggris kaliyan bapa kang asalipun saking Yahudi Polen. Nalika mas produktifipun, Henri nelasaken wekdal dados dhosèn filsafat kaliyan dados penulis. Bergson naté angsal bebungah nobel babagan sastra nalika taun 1927.

Karya-karya[besut | besut sumber]

Wonten ngandhap mepunika tuladha kasil karya sastranipun:

  1. taun 1889, Time and Free Will (Essai sur les données immédiates de la conscience)
  2. taun 1896, Matter and Memory (Matière et mémoire)
  3. taun 1907, Creative Evolution (L'Evolution créatrice)
  4. taun 1932, The Two Sources of Morality and Religion (Les deux sources de la morale et de la religion)

Riwayat[besut | besut sumber]

Pamanggihan Bergson wiwit geser maring paham religius nalika taun akir kauripanipun. Piyambakipun nggabung kaliyan Gréja Katulik Roma boten lami sadèrèngipun séda. Amargi punika, babagan punika sangaja ditunda sarta dirahasiakaké, amarga piyambakipun boten kersa katingal ngianati bangsa Yahudi, nalika Prancis taksih wonten ing kapendudukan Jerman.

Pamanggihanipun[besut | besut sumber]

Intuisi[besut | besut sumber]

Bergson pitados manawi manungsa kedah dipunjlentrehaken pisanan mepunika babagan kerangka prosès evolutif. Miturut Bergson, pungsi indra dhumateng makluk urip awit pisanan punika sanès kanggé maringi gambaran-gambaran saking telatahipun, ananging kanggé merangsang reaksi-reaksi kanggé mempertahanaké kauripan. Mula-mula organ sensoris, lajeng sistem saraf pusat, lajeng akal budhi. Punika berkembang nganti abad-abad laminipun dados mekanisme pertahanan urip organisme ingkang dipunjangkepi kaliyan perilaku.

Indra punika boten ngatonaké gambar objektif saking lingkungan. Ananging, pesan tartemtu saking Gusti ingkang ndamel kita petingkah tinamtu ugi. Pamahaman kita babagan lingkungan boten saged satiti foto. Pamahaman kita iku selektif banget, sok pragmatis sarta terarah dhumateng kapentingané awaké dhèwé.

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Ugi pirsani[besut | besut sumber]