Harry Martinson

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Harry Edmund Martinson

Harry Edmund Martinson (6 Mei 190411 Februari 1978) inggih punika salah satunggaling pengarang lan penyair. Nalika taun 1949 piyambakipun kapilih dhateng Akademi Swedia. Harry dipunanugrahi Penghargaan Nobel bidang Sastra sesarengan kaliyan kancanipun, Eyvind Johnson nalika taun 1974. Pilihan kanggé Eyvind Johnson lan Harry Martinson medalaken kontroversi amargi kekalihipun minangka panelis Nobel. Kekalihipun lan Harry Graham Greene, Saul Bellow lan Vladimir Vladimirovich Nabokov inggih punika calon ingkang dados nominasi wonten ing taun punika.[1]

Pagesangan[besut | besut sumber]

Martinson miyos wonten ing Jämshög, wonten ing laladan Blekinge, Swedia barat daya. Nalika taksih timur piyambakipun kelangan tiyang sepuhipun, ingkang sabibaripun punika, Harry dumunung wonten ing padesan Swedia minangka anak pungut (Kommunalbarn). Wonten ing umur 16 taun, Martinson tindak, lan nitih kapal ing pundi wonten ing taun-taun salajengipun piyambakipun nglilingi donya, ngunjungi negeri kados Brazil lan India.[2]

Sawetawis taun candhakipun, perkawis paru-paru maksa Harry "mendarat" wonten ing Swedia. Taun-taun candhakipun dipuntelasaken nglilingi Swedia tanpa pedamelan ingkang tetep, nalika punika gesang minangka pangembara ing margi-margi desa. Wonten ing kutha Malmö, piyambakipun dipuntangkep kanthi tudhuhan gelandangan, wonten ing yuswa 21 taun.

Nalika taun 1929, piyambakipun miwiti debut minangka penyair. Sesarengan kaliyan Artur Lundkvist, Gustav Sandgren, Erik Asklund lan Josef Kjellgren, piyambakipun ngarang Fem unga, ingkang ngenalaken modernisme Swedia. Puisinipun nggabungaken sesawangan katresnan babagan alam ingkang inggil kanthi pangraos humanisme ingkang saéstu. Kasuksesanipun minangka novelis dhateng kaliyan otobiografinipun Nässlorna blomma nalika taun 1935 babagan perkawis awrat ingkang dipunadhepi satunggaling laré jaler wonten ing pedalaman, ingkang wiwit paluncuranipun sampun dipunterjemahaken wonten ing 30 basa.[3]

Antawis taun 1929-1940 piyambakipun palakrama kaliyan penulis Moa Martinson. Harry ingkang sensitif pikantuk kritik wonten ing hadhiah Nobel taun 1970-an ingkang awrat dipunilangaken. Piyambakipun lajeng bunuh dhiri kanthi lading (peso) wonten ing Griya Sakit Karolinska, Stockholm nalika taun 1978.

Péngetan 100 taun miyosipun dipunpéngeti wonten ing sadaya tlatah ing Swedia nalika taun 2004.

Bibliografi[besut | besut sumber]

Novel[besut | besut sumber]

  • Vägen till Klockrike
  • Nässlorna blomma
  • Vägen ut

Esai[besut | besut sumber]

  • Svärmare och harkrank
  • Midsommardalen
  • Det enkla och det svåra
  • Utsikt från en grästuva
  • Verklighet till döds
  • Den förlorade jaguaren
  • Resor utan mål

Sajak[besut | besut sumber]

  • Spökskepp
  • Harry Martinson:Nomad
  • Passad
  • Cikada
  • Aniara
  • Gräsen i Thule
  • Vagnen
  • Dikter om ljus och mörker
  • Tuvor[4]

Drama radio[besut | besut sumber]

  • Harry Martinson:Gringo
  • Salvation
  • Lotsen från Moluckas

Drama panggung[besut | besut sumber]

  • Tre knivar från Wei

Mazmur[besut | besut sumber]

  • De blomster som i marken bor

Cathetan Suku[besut | besut sumber]

Pranala Njaba[besut | besut sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Harry_Martinson&oldid=1098341"