Naguib Mahfouz

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Naguib Mahfouz

Naguib Mahfouz (basa Arab: نجيب محفوظ, Nağīb Maḥfūẓ; Gamaliya, Kairo, 11 Dhésèmber 191130 Agustus 2006) inggih punika salah satunggaling novelis Mesir ingkang pinatuk Pangaji Nobel Kasusastran.

Naguib Mahfouz miyos wonten ing laladan Gamaliya ing Kairo. Namanipun dipunparingi déning tiyang sepuhipun sami kaliyan nama Profesor Naguib Pasha Mahfouz, dhokter ingkang mbiyantu miyosipun. Mahfouz, ingkang dangu dados punggawa nagari, dinas wonten ing Kementerian Wakaf Mortmain, lajeng njabat minangka Direktur Badan Sensor wonten ing Biro Kagunan, Direktur Yayasan Pendukung Bioskop, lan pungkasanipun minangka konsultan wonten ing Kementerian Kebudayaan. Piyambakipun nerbitaken langkung saking 30 novèl. Piyambakipun pikantuk Penghargaan Nobel babagan Sastra nalika taun 1988.[1]

Kathah saking novelipun ingkang wiwitan dipunterbitaken wonten ing, kalebet Anak-anak Gebelawi lan Lorong Midaq ingkang dipunadaptasi dados sawijining filem Meksiko ingkang dipunbintangi déning Salma Hayek (El callejón de los milagros).[2]

Anak-anak Gebelawi (1959), salah satunggal saking karya Mahfouz ingkang paling saé, dipunlarang beredar wonten ing Mesir amargi dipunanggep menghujat amargi nggambaraken Allah lan agama-agama Abrahamik monoteistik Yudaisme, Kristen lan Islam. Nalika taun 1989, sasampunipun wonten fatwa murtad tumrap Salman Rushdie, satunggaling teolog Mesir ingkang wuta, Omar Abdul-Rahman, ngendika dhumateng satunggaling wartawan bilih manawi Mahfouz sampun dipunhukum amargi nyerat novèl punika, Rushdie tamtu boten wantun nerbitaken novelipun. Syekh Omar ngendika bilih punika sanès fatwa, nanging nalika taun 1994 para ekstremis Islam, ingkang pitados bilih punika minangka satunggaling fatwa, ngupaya numpes novelis ingkang sampun gadhah yuswa 82 taun punika, nikem wonten ing gulonipun ing njawi dalemipun wonten ing kutha Kairo, Mahfouz nahan, lan wiwit punika terus dipunkawal. Pungkasanipun, nalika wiwitan taun 2006, novelipun dipunterbitaken ing Mesir kanthi pengantar ingkang dipunserat déning Ahmad Kamal Abu Almajd.

Dumugi wekdal sédanipun, Mahfouz minangka panarima Penghargaan Nobel ingkang paling sepuh ingkang taksih gesang kanggé babagan Sastra lan paling sepuh angka 3 wonten ing masa sabibaripun Bertrand Russell lan Halldor Laxness. Nalika Juli 2006, Mahfouz dipunbekta dhateng unit gawat darurat amargi luka wonten ing mustakanipun. Piyambakipun tilar donya wonten ing yuswa 94 taun nalika tanggal 30 Agustus 2006.[3]

Karya-karya[besut | besut sumber]

  • Mesir Lami (1932) مصر القديمة
  • Bisikan Kagilan (1938)همس الجنون
  • Enyékan Nasib (1939) عبث الأقدار
  • Rhadopis saking Nubia (1943) رادوبيس
  • Perjuangan Tyba (1944) كفاح طيبة
  • Kairo Modern (1945) القاهرة الجديدة
  • Khan al-Khalili 1945 خان الخليلى
  • Lorong Midaq (novèl) (1947) زقاق المدق
  • Fatamorgana السراب
  • Awal lan Akhir (1950) بداية ونهاية
  • Trilogi Kairo
    • Lorong Pura (1956) بين القصرين
    • Pura Hasrat (1957) قصر الشوق
    • Jalan Gendhis (1957) السكرية
  • Anak-anak Gebelawi (1959) أولاد حارتنا
  • Maling lan Asu-asu (1961) اللص والكلاب
  • Manuk Puyuh lan Mangsa Gugur (1962) السمان والخريف
  • Donya Allah (1962) دنيا الله
  • Zaabalawi (1963)
  • Pamadosan (novèl) (1964) الطريق
  • Pangemis (1965) الشحاذ
  • Kadampar ing Nil (1966) ثرثرة فوق النيل
  • Miramar (novèl) (1967) ميرامار
  • Kaca (novèl) (1972) المرايا
  • al-Karnak (1974) الكرنك
  • Tuan ingkang Kinurmatan (1975) حضرة المحترم
  • The Harafish (1977) ملحمة الحرافيش
  • Cinta lan Hejab (1980)
  • Ratri lan Siyang Arab (1981) ليالى ألف ليلة
  • Madah Palakrama (1981)
  • Lelampahaning Ibn Fattouma (1983) رحلة إبن فطومة
  • Akhenaten, ingkang Dunung ing Kaleresan (1985) العائش فى الحقيقة
  • Air Mancur lan Kubur]] (1988)[4]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]