Kabupatèn Gresik
Gresik كَبُڤَتَينْ ڬرٚسِكْ ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦁꦉꦱꦶꦏ꧀ | ||
---|---|---|
Kabupatèn | ||
| ||
Sesanti: Satya Bina Kertaraharja ꦱꦠꦾꦧꦶꦤꦏꦼꦂꦠꦫꦲꦂꦗ | ||
Pernahé Gresik ing Jawa Wétan | ||
Nagara | Indonésia | |
Provinsi | Jawa Wétan | |
Kecamatan | 18 | |
Pamaréntahan | ||
• Bupati | Dr. Ir. H. Sambari Halim Radianto, S.T., M.Si. | |
• Wakil Bupati | Drs. H. Moh. Qosim, M.Si. | |
Laladan | ||
• Gunggung | 1,191,25 km2 (0,45.994 sq mi) | |
Cacah warga (Sènsus 2012) | ||
• Gunggung | 1,307,995 | |
• Pepadhet | 1,1/km2 (2,8/sq mi) | |
Bebrayan | ||
• Wong | Jawa, Madura, Bawean, Cina dll. | |
• Kepercayan | Islam 97.55% Kristen Protestan 1.19% Hindu 0.83% Katolik 0.32% Buddha 0.07% Konghucu 0.04% | |
Zona wektu | WIK (UTC+7) | |
Kodhe laladan | (+62) 31 | |
Plat montor | W | |
Situs wèb | www.gresikkab.go.id (ing basa Indonésia) |
Kabupatèn Gresik (Carakan: ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦁꦉꦱꦶꦏ꧀, Pegon: كَبُڤَتَينْ ڬرٚسِكْ), iku kabupatèn ing Jawa Wétan, kutha Gresik iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon Kabupatèn iki ± 1,191.25 km² utawa hèktar.
Sajarah
[besut | besut sumber]Gresik wis kaloka wiwit abad kaping 11 nalika tuwuh dadi punjer dedagangan ora mung antarpulo, nanging wis sumrambah menyang manca Nagara. Minangka kutha bandhar, Gresik akèh ditekani para pedagang Cina, Arab, Gujarat, Kalkuta, Siam, Bengali, Campa, lan liya-liyané. Gresik wiwit tampil pinunjul sajeroning wacana sajarah wiwit tuwuhing agama Islam ing tanah Jawa. Panyebar agama Islam mau yaiku Syech Maulana Malik Ibrahim sing bebarengan karo Fatimah Binti Maimun lumebu ke Gresik ing wiwitan abad kaping 11. Wiwitané kabupatèn ini jenengé Kabupatèn Surabaya. Kanthi anané PP Nomer 38 Taun 1974 kagiyatan papréntahan baka sethithik dipindhah menyang Gresik lan jenengé banjur owah dadi Kabupatèn Daerah Tingkat II Gresik kanthi punjer kagiyatan ing Kutha Gresik[1].
Géografi
[besut | besut sumber]Kabupatèn iki jembaré 1.137,05 km2 kanthi sing ndunungi 1.072.190 jiwa (2004). Kabupatèn Gresik dumunung ing posisi sing strategis yaiku antara 7' LS-8' LS lan 112' BT-133' BT. Sapérangan gedhé wewengkon wujud dataran cendhèk kanthi èlevasi antara 0-12 mèter sadhuwuring lumahing banyu sagara kajaba sapérangan cilik ing sisih lor (Kacamatan Panceng) èlevasiné nganti 25 mèter sadhuwuring banyu sagara[2].
Kabupatèn Gresik wewatesan:
- ing sisih lor karo: Sagara Jawa
- ing sisih kidul karo: Kutha Surabaya
- ing sisih wétan karo: Selat Madura
- ing sisih kulon karo: Kabupatèn Lamongan
Papréntahan
[besut | besut sumber]Kabupatèn Gresik katata sajeroning 18 kacamatan, kalurahan lan désa. Kacamatan-Kacamatan ing kabupatèn iki yaiku:
- Balongpanggang
- Benjeng
- Bungah
- Cerme
- Driyorejo
- Duduk Sampeyan
- Dukun
- Gresik
- Kebomas
- Kedamean
- Manyar
- Menganti
- Panceng
- Sangkapura
- Sidayu
- Tambak
- Ujung Pangkah
- Wringin Anom
Wisata
[besut | besut sumber]Wisata budaya:
- Makam Maulana Malik Ibrahim
- Makam Pusponegoro
- Makam Radèn Santri
- Makam Nyai Ageng Pinatih
- Makam Sunan Giri
- Petilasan Giri Kedaton
- Makam Sunan Prapen
- Makam Panembahan Resboyo
- Makam Panembahan Kawis Guwo
- Makam Dewi Sekardadu
- Makam Penembahan Agung
- Makam Putri Cempa
- Makam Senapati Tanggung Boyo
- Makam Fatimah Binti Maimun
- Petilasan Sunan Kalijogo
- Makam Sempu Supo
- Makam Bagus Mataram
- Goa Langseh
- Makam Panjang Doro/Sembodo
- Makam Waliyah Siti Zaenab
Wisata alam:
- Tlaga Kastoba
- Pasisir Labuhan
- Pasisir Mayangkara
- Pasisir P. Cina
- Pasisir Pasir Putih/Hutan Lindung
- Pasisir Tinggen
- Pasisir Ria Gili Barat
- Pasisir Ria Gili Barat Pasisir Delegan
- Pasisir Ujung Pangka
- Pasisir Mengare
- Air Panas Kepuh Lempongan
- Air Panas Kebondaya
- Tanjung Kodok
- Guwa Lawa
- Guwa Gelangagung
Kuliner Gresik
[besut | besut sumber]Panganan
[besut | besut sumber]Panganan mirunggan Gresik yaiku:
- Sega krawu
- Pudak
- Sega rooma
- Otak-utek bandeng
- Bandeng sapit
- Bonggolan
- Jubung
- Ayas
- Ubus
- Martabak Usus
- Arang-arang Kambang
- Bali Welut
- Kotokan Bandeng
- Ndog Badhèr
- Gajih pinggir
- Bontosan Giri kang mung ana ing wewengkon sakupenge makam Sunan Giri.
- Sego menir
- Lontong manggul
- Sego karak
- Kella Celok
Ombèn-ombèn
[besut | besut sumber]Ombénan mirunggan Gresik yaiku:
- Es Siwalan
- Legen panceng
- Temu lawak
- Wedang pokak
Acara Taunan
[besut | besut sumber]Acara kang dianakaké saben taun ing Gresik, yaiku:
- Festival Damar Kurung, Kota
- Pasar Bandeng, Kota
- Sedekah Bumi, Bungah
- Pertunjukan Pencak Macanan, Bungah
- Malem Slawe, Sepanjang Jl. Sunan Giri
- Islamic Book Fair Gresik
- Pencak Silat Bawean
Ulah raga
[besut | besut sumber]Ing Gresik duwèni tim bal-balan, yaiku:
- PS Petrokimia Putra madeg taun 1994
- Persegres Gresik madeg tanggal 20 Mèi 1998
- Gresik United madeg tanggal 2 Dhésèmber 2005
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "Sajarah Gresik ing situs wèb resmi Kabupatèn Gresik". Diarsip saka sing asli ing 2011-08-23. Dibukak ing 2010-07-25.
- ↑ "Pamaréntah Kabupatèn Gresik: Geografi Kabupatèn Gresik". Diarsip saka sing asli ing 2011-08-23. Dibukak ing 2010-07-25.
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Situs Web Resmi Archived 2011-08-23 at the Wayback Machine.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |