Henrik Pontoppidan
Henrik Pontoppidan (24 Juli 1857 – 21 Agustus 1943) inggih punika salah satunggaling penulis realis ingkang sesarengan kaliyan Karl Gjellerup alias Epigonos pikantuk Penghargaan Nobel Babagan Sastra nalika taun 1917 kanggé "penggambaranipun ingkang karinci babagan pagesangan wekdal punika wonten ing Dhènemarken." Novèl-novèl lan carkak-carkak Pontoppidan –wosipun pangarep saperlu kamujuan sosial nanging ing wuri kicalan pangarep saking perwujudanipun—ngrawuhaken gegambaran ingkang jangkep saking nagari lan jamanipun.[1]
Putra salah satunggaling pendeta, Pontoppidan berjuang tumrap lingkunganipun kaliyan sinau babagan teknik wonten ing kutha Kopenhagen nalika taun 1873. Wonten ing taun 1879 piyambakipun mandheg sinau lan dados guru sadangunipun pinten-pinten taun. empalan cariyos ingkang angka pisanipun dipunterbitaken rikala taun 1881, lajeng piyambakipun nyokong dhiri kaliyan nyerat, dumugi ing taun 1900 minangka salah satunggaling wartawan wonten ing sajumlah ariwarta Kopenhagen.[2]
Karya
[besut | besut sumber]Karya Pontoppidan—mliginipun novèl lan carita ckak wonten ing "gaya dingin", tebih, lan epik–merentang sadangunipun sepalih abad lan nyariosaken sapérangan ageng segi pagesangan wonten ing Dhènemarken.
Buku ingkang kapisanan babagan pagesangan désa-kutha. Landsbybilleder (1883; "Gambar Désa"), Fra Hytterne (1887; "Saking Gubuk"), lan Skyer (1890; "Mendhung") dipuncirikaken kaliyan kadukan sosial nanging ugi apresiasi ironis kepuasan dhiri pribadi lan sikap pasif penduduk nagari. Trilogi Det forjættede land, 3 jilid (1891, 1895; Tanah ingkang Dipunjanjikaken), nggambaraken kontroversi keagamaan wonten ing distrik-distrik nagari punika (Dhènemarken). Wonten ing taun 1890-an Pontoppidan nyerat novèl cekak babagan prakawis psikologi, estetika, lan moral—mis, Nattevagt (1894; "Pengawal Dalu"), Den gamle Adam (1895), lan Hojsang (1896; "Lagu Agung"). Sedayanipun kadhérékaken déning utama, novèl Lykke-Per (1898-1904; "Per ingkang Bejo"), ing pundi tokoh utamanipun mirib sanget kaliyan Pontoppidan. Piyambakipun inggih punika putra salah satunggaling pendeta ingkang nglawan swasana puritan wonten ing dalemipun lan pados kabegjan wonten ing kutha krajan minangka salah satunggaling insinyur. Tema buku punika inggih kekiyatan lingkungan, lan kecenderungan nasional dhateng arah lamunan lan kawedén realitaas dipunkecam.[3]
Lingkaran novèl paling ageng ingkang kaping 3 Pontoppidan, De dodes rige, 5 jilid (1912-1916; "Kamaharajan Kematian"), nedahaken boten puasipun saking perkembangan pulitik sabibaripun kamenangan kaum liberal nalika taun 1901 lan kawedén saking kemandulan jaman ingkang énggal. Novèl pait Mands himmerig (1927; "Swarga Manungsa") nggambaraken Dhènemarken ingkang nétral sadangunipun kadadosan Perang DOnya I lan nyerang materialisme ingkang boten kapikiraken. Karya pungkasan ingkang wigat sanget saking Pontoppidan inggih punika 4 jilid memoar ingkang dipunterbitaken antawis taun 1933 lan 1940 lan ingkang medal wonten ing versi kempalan lan cekak ingkang dipunsukani judhul Undervejs til mig selv (1943; "Jalur Dhiriku").[4]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ http://www.nobelprize.org/nobel_prizes/literature/laureates/1917/pontoppidan-autobio.html
- ↑ http://www.bookrags.com/biography/henrik-pontoppidan-dlb/
- ↑ http://www.henrikpontoppidan.dk/
- ↑ "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2016-02-08. Dibukak ing 2013-01-29.
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link)
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Henrik Pontoppidan Archived 2008-08-28 at the Wayback Machine.