Menyang kontèn

Salim Segaf Al-Jufri

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Salim Segaf Al-Jufri
Mantri Sabajati Indonésia ka-28
Linggih
22 Oktober 2009  20 Oktober 2014
PrésidhènSusilo Bambang Yudhoyono
Kang sadurungéBachtiar Chamsyah
Kang sawiséKhofifah Indar Parawansa
Rerincèn dhiri
Lair17 Juli 1954 (umur 71)
Indhonésia Surakarta, Jawa Tengah, Indonésia
BangsaIndonésia
Parté pulitikBarkas:PKS Logo.svg Parté Keadilan Sejahtera
AgamaIslam

Salim Segaf Al-Jufri (lair ing Surakarta, Jawa Tengah, 17 Juli 1954; umur 71 taun).[1] Salim Segaf Al-Jufri iku Mantri Sosial Indonésia 2009-2014.[1] Sadurungé dadi mantri, Salim Segaf Al-Jufri dadi Duta Besar Indonésia kanggo Arab Saudi lan Kesultanan Oman wiwit sasi Dhésèmber 2005. Salim nggenténi Muhammad Maftuch Basyuni kang wis dadi Mantri Agama [2] Salim Segaf Al-Jufri uga tau njabat dadi Ketua Dewan Syariah Parté Keadilan Sejahtera (PKS), Direktur Perwakilan WAMY (World Assembly of Muslim Youth) kanggo Kawasan Asia Wétan lan Asia Tenggara.[1] Saliyané iku, Salim uga tau dadi Direktur Syariah Consulting Center.[1] Salim uga aktif mulang ing UIN Syarif Hidayatullah, Lembaga Ilmu Pengetahuan Islam lan Basa Arab (LIPIA) lan Dirasat Islamiyah Jakarta.[1] Salim Segaf Al Jufri iku putuné ulama gedhé ing kutha Palu.[1] Ulama iki jenengé Sayyid Idrus bin Salim Aljufrie utawa kondhang kanthi jeneng Guru Tua. Ulama iki kang nggawé yayasan Al-Khairaat.[1]

Pendhidhikan

[besut | besut sumber]

Salim Segaf Al-Jufri ngrampungaké pendhidhikan S1 nalika taun 1976, S2 (1980) lan S3 (1986) kanggo babagan Syariah ing Universitas Madinah, Arab Saudi.[1]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 kepustakaan-presiden.pnri.go.id[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 23 Agustus 2011)
  2. hot.detik.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 23 Agustus 2011)