Kuntoro Mangkusubroto
Kuntoro Mangkusubroto | |
---|---|
Mantri Energi lan Sumber Daya Mineral Républik Indonésia 10 | |
Linggih 16 Maret 1998 – 21 Mèi 1998 | |
Présidhèn | Soeharto |
Kang sadurungé | Ida Bagus Sudjana |
Linggih 21 Mèi 1998 – 26 Oktober 1999 | |
Présidhèn | Baharuddin Jusuf Habibie |
Kang sawisé | Susilo Bambang Yudhoyono |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Purwokerto, Jawa Tengah, Indonésia | Maret 14, 1947
Dr Ir Kuntoro Mangkusubroto (lair ing Purwokerto, Jawa Tengah, 14 Maret 1947; umur 77 taun).[1] Kuntoro Mangkusubroto iku Ketua Unit Kerja Présidhèn Pengawasan lan Pengendalian Pangyasa (UKP4R) wiwit 22 Oktober 2009.[1] Kuntoro Mangkubroto iku Mantri Pertambangan lan Energi Indonésia ing era Kabinet Reformasi Pangyasa lan uga mantan Direktur Utama PLN.[1] Kuntoro Mangkusubroto uga tau njabat dadi Kepala BRR Acèh-Nias kang tugase yasa laladan Acèh lan Nias pasca tsunami ing akir taun 2004.[2] Kuntoro Mangkubroto lair saka kulawarga kang terpelajar.[1] Bapaké iku pengacara lan ibuné dhosen basa Inggris ing Universitas Sudirman, Purwokerto.[1] Kuntoro Mangkubroto ngrampungaké pendhidhikan SD nganti SMA ing kutha klairané.[1] Sawisé lulus, Kuntoro banjur nerusaké kuliyah Tehnik Industri ITB lan lulus nalika taun 1972.[1] Sawisé lulus, Kuntoro mangkubroto banjur dadi dhosen ing almamatere, Kuntoro banjur nerusaké pendhidhikan ing babagan industrial engineering, Stanford University nalika taun 1976.[1] Kuntoro banjur sinau manèh babagan civil engineering ing universitas kang padha nalika taun 1977.[1] Kuntoro tau éntuk gelar dhoktor saka ITB nalika taun 1982. Kuntoro nggawé disertasi ngenani analisa putusan.[1] Nalika taun 1983, Kuntoro pindhah ing kantor Sekretaris Nagara lan dadi staf ahli mantri mudha UP3DN kang jenenge Ginanjar Kartasasmita lan dadi Pembantu Asisten Administrasi Mantri Sekretaris Nagara RI ya iku Safaruddin Husada nalika taun 1984.[1] Limang taun sawisé iku ya iku nalika taun 1988 Kuntoro diangkat dadi Direktur Utama PT. Tambang Batubara Bukit Asam, Tanjung Enim, Palembang.[1] Kuntoro banjur dadi Direktur Utama PT. Tambang Timah (TT), nalika sasi Dhésèmber 1989 nganti 1994.[1] Kuntoro banjur dipercaya njabat dadi Dirjen Pertambangan Umum Departemen Pertambangan lan Energi nalika taun 1993.[1] Nalika taun 1998, Présidhèn Soeharto ndadèkaké Kuntoro Mantri Pertambangan dan Energi.[1]
Pendhidhikan
[besut | besut sumber]Pendhidhikan kang dilakoni Kuntoro Mangkusubroto.[1]
- S1-Teknik Industri ITB (1972)
- Northeastern University
- Stanford University, Industrial Engineer (1976)
- S2-Stanford University, Civil Engineer (1977)
- S3-ITB, Ilmu Teknik babagan Ilmu Dudutan (1982)
Karir
[besut | besut sumber]Karir kang dilakoni Kuntoro Mangkusubroto.[1]
- Dosen Jurusan Teknik Industri, ITB (1972-sekarang)
- Staf Ahli Mantri Muda UP3DN (1983-1988)
- Pembantu Asisten Administrasi Mantri Sekretaris Nagara RI (1984)
- Direktur Utama PT Tambang Batubara Bukit Asam (1988-1989)
- Direktur Utama PT Tambang Timah (1989-1994)
- Direktur Jenderal Pertambangan Umum, Departemen Pertambangan dan Energi (1993-1997)
- Deputi Babagan Perencanaan, Badan Kordinasi Penanaman Modal (1997-1998)
- Mantri Pertambangan Kabinet Pangyasa VII (1998)
- Mantri Pertambangan Kabinet Reformasi Pangyasa (1998-1999)
- Direktur Utama PLN (2000)
- Kepala Badan Rehabilitasi dan Rekonstruksi NAD-Nias (2005)
- Ketua Unit Kerja Présidhèn Babagan Pengawasan dan Pengendalian Pangyasa ing Kabinet Indonésia Bersatu II
Kagiyatan liya
[besut | besut sumber]Kagiyatan liya kang dilakoni Kuntoro Mangkusubroto.[1]
- Sekjen IA ITB kalamangsa 1987-1992
- Ketua ITB School of Business
- Anggota Penempuh Rimba & Pendaki Gunung WANADRI
Cathetan suku
[besut | besut sumber]
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
- Kabèh artikel mawa pranala njaba sing mati
- Artikel mawa pranala njaba sing mati kawit October 2023
- Articles with invalid date parameter in template
- Artikel mawa pranala njaba sing mati permanèn
- Mantri Énergi lan Sumber Daya Mineral Indonésia
- Alumni Institut Teknologi Bandung
- Mantri Kabinèt Indonésia Bersatu II