Menyang kontèn

Fadel Muhammad

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Fadel Muhammad
Mantri Sagara lan Minakarya Indonésia ke-5
Linggih
22 Oktober 2009  19 Oktober 2011
PrésidhènSusilo Bambang Yudhoyono
Kang sadurungéFreddy Numberi
Kang sawiséSharif Cicip Sutardjo
Gubernur Gorontalo
Linggih
2001  2009
Kang sadurungéTursandi Alwi
Kang sawiséGusnar Ismail
Rerincèn dhiri
Lair20 Mèi 1952 (umur 73)
Indhonésia Ternate, Maluku, Indonésia
BangsaIndonésia
SisihanHana Hasanah
AlmamaterInstitut Teknologi Bandung

Ir. H. Fadel Muhammad Al-Haddar (lair ing Ternate, Maluku, 20 Mèi 1952; umur 73 taun), Fadel Muhammad iku pulitikus Indonésia kang njabat Mantri Kelautan dan Perikanan ing Kabinet Indonésia Bersatu II wiwit 22 Oktober 2009.[1] Sadurungé njabat dadi mantri, Fadel njabat dadi Gubernur Provinsi Gorontalo wiwit 10 Dhésèmber 2001 nganti 22 Oktober 2009.[1] Nalika pilkada Gorontalo 2006 kang ditindakaké nalika tanggal 26 November 2006, Fadel éntuk swara 81 persèn.[1] Aji swara iku dadi aji kang paling dhuwur ing Indonèsia kanggoné pilkada jinis iki lan kacathet ing rekor MURI sebagai rekor pemilihan gubernur Indonésia kang duwé swara paling akèh.[1]

Nalika 17 Januari 2007 utawa sadina sawisé pencanangan Gerakan Peningkatan Produksi Padi Nasional 2 Juta Ton, Mantri Dalam Negeri Mohammad Ma'ruf nglatik pasangan wakil gubernur kanggo kalamangsa kedua.[1] Prosès pelantikan dilaksananakaké ing wewengkon nasional saka Gedung DPRD, Botu (Gorontalo) lumantar giyaran TVRI.[1]

Fadel sadurungé dadi mantri iku kalebu pengusaha lan pulitikus Indonésia.[1] Fadel uga dadi Ketua DPD I Golkar ing Gorontalo.[1] Sawisé cerai karo bojoné kang sepisanan, Fadel banjur nikah karo wong wadon kang jenengé Hasanah binti Thahir Shahab.[1]

Fadel éntuk gelar insinyur saka Jurusan Teknik Fisika, Institut Teknologi Bandung (ITB) nalika taun 1978.[1] Nalika lagi kuliah ing ITB, Fadel tau éntuk tawaran beasiswa kanggo sinau ing Institut Teknologi California, nanging Fadel banjur nolak beasiswa iku.[1] Fadel tau dadi anggota Menwa ITB.[1] Fadel iku wong kang ngedegaké Ikatan Cendekiawan Muslim Indonésia (ICMI) lan mantan pemimpin Grup Bukaka.[1] Saliyané iku Fadel uga tau dadi salah sijiné wong kang duwé saham ing Bank Intan kang banjur dilikuidasi.[1]

Fadel Mohammad uga tau nggawé filem otobiografiné kang judhulé Fadel Muhammad Mengabdi untuk Indonésia.[2] Peluncuran filem iki ditindakaké ing Taman Ismail Marzuki, Jakarta.[2] Film dokumenter iki caritane ngenani solah bawané nalika njabat dadi gubernur provinsi Gorontalo kang lagi duwé umur sewindu utawa wolung taun.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 kepustakaan-presiden.pnri.go.id[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 20 Agustus 2011)
  2. 1 2 3 nasional.vivanews.com Archived 2010-08-22 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 20 Agustus 2011)