Mari Elka Pangestu
| Mari Elka Pangestu | |
|---|---|
| Mantri Dagang Indonésia ke-26 | |
| Linggih 21 Oktober 2004 – 19 Oktober 2011 | |
| Présidhèn | Susilo Bambang Yudhoyono |
| Kang sadurungé | Rini Mariani Soemarno Soewandi |
| Kang sawisé | Gita Wirjawan |
| Menneg Koperasi lan UKM Indonésia ad-interim | |
| Linggih 1 Oktober 2008 – 22 Oktober 2009 | |
| Présidhèn | Susilo Bambang Yudhoyono |
| Kang sadurungé | Suryadharma Ali |
| Kang sawisé | Syarief Hasan |
| Rerincèn dhiri | |
| Lair | Oktober 23, 1956 |
| Bangsa | Indonésia |
| Sisihan | Adi Harsono |
| Anak | Raymond Arya |
| Almamater | Ostralin National University Universitas California, Davis |
| Agama | Katulik |
Mari Elka Pangestu (Tionghoa: 冯慧兰; lair ing Jakarta, 23 Oktober 1956; umur 69 taun) inggih punika Mantri Perdagangan Indonésia wiwit 21 Oktober 2004.[1] Panjenenganipun dados tiyang èstri Tionghoa-Indonésia kawitan ingkang pikantuk amanah minangka dados mantri ing Indonésia.[2]
Karir
[besut | besut sumber]Panjenenganipun pikantuk gelar Bachelor lan Master Ékonomi saking Australian National University, Ph. D Ékonomi saking University of California, Davis, Amérika Sarékat.[1][2] Panjenenganipun dados spesialis perdagangan internasional lan keuangan, kanthi fokus ing regional ASEAN, China, lan Asia Pasifik.[1] Mari Elka Pangestu naté dados dhosen eksternal Ékonomi Internasional ing Universitas Indonésia, Jakarta.[1] Wiwit taun 2004, panjenenganipun dados negosiator Indonésia ing Organisasi Perdagangan Dunia (WTO).[1] Panjenenganipun ugi dados pandheganipun Kelompok 33, inggih punika kelompok nagari-nagari ingkang tumuwuh ing WTO ingkang mbudidaya konsèp SPs lan SSM wonten ing Agenda Pembangunan Doha WTO.[1] Saderengipun dados Mantri Perdagangan ing wulan Oktober 2004, panjenenganipun dados anggota Dewan Pimpinan Pusat Studi Strategis lan Internasional, Jakarta.[1] Mari Elka Pangestu ugi aktif minangka koordinator program wonten ing Forum Perdagangan Dewan Kerjasama Ékonomi Pasifik (PECC), satunggalipun organisasi jaringan pribadi ingkang anggotanipun cacah 23 ing Asia Pasifik.[1] Panjenganipun dados anggota aktif wonten ing seminar internasional.[1] Mari Elka Pangestu gadhah garwa Adi Harsono lan kanugrahan kalih putra, Raymond lan Arya Bima Harsono Harsono Alexander.[1]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]Pranala njawi
[besut | besut sumber]- Artikel di tokohindonesia.com Archived 2010-04-12 at the Wayback Machine.
- Profil di CSIS Archived 2005-09-04 at the Wayback Machine.
- Skandal Pesawat Terbang MA-60
- Kritik Kebijakan
- Menteri Kontroversial Archived 2016-03-11 at the Wayback Machine.
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |