Menyang kontèn

Jero Wacik

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jero Wacik
Mantri Paridaya lan Parisumbering Seladatu Indonésia ke-14
Linggih
19 Oktober 2011  20 Oktober 2014
PrésidhènSusilo Bambang Yudhoyono
Kang sadurungéDarwin Zahedy Saleh
Kang sawiséChairul Tanjung (Plt.)
Sudirman Said
Mantri Budaya lan Wisata Indonésia ke-9
Linggih
21 Oktober 2004  1 Oktober 2009
PrésidhènSusilo Bambang Yudhoyono
Kang sadurungéI Gede Ardhika
Kang sawiséMohammad Nuh
(ad-interim)
Linggih
22 Oktober 2009  19 Oktober 2011
Kang sadurungéMohammad Nuh
(ad-interim)
Kang sawiséMari Elka Pangestu
Rerincèn dhiri
Lair24 April 1949 (umur 76)
Indhonésia Singaraja, Bali, Indonésia
BangsaIndonésia
SisihanTriesna
AlmamaterInstitut Teknologi Bandung
Universitas Indonésia
AgamaHindhu

Jero Wacik (lair ing Singaraja, Bali, 24 April 1949; umur 76 taun).[1] Jero Wacik iku Mantri Kebudayaan lan Pariwisata wiwit 21 Oktober 2004.[2] Sawisé dadi anggota DPR kang suwené kurang saka sesasi, Jero Wacik banjur dipercaya njabat dadi Mantri Kebudayaan lan Pariwisata.[2] Jero uga tau njabat dadi Wakil Sekjen DPP Parté Dhémokrat.[2] Jero Wacik lulus sarjana Teknik Mesin saka Institut Teknologi Bandung nalika taun 1974 lan saka Fakultas Ékonomi Universitas Indonésia nalika taun 1983.[2] Sadurungé dadi mantri, Jero Wacik iku pengusaha jasa pariwisata kang aktif ing Parté Dhémokrat.[2] Jero Wacik uga nduwé hotèl, perusahaan biro perjalanan wisata, yaiku PT Griya Batu Bersinar lan PT Pesona Boga Suara kang duwé kantor ing Jakarta lan Bali.[2] Saliyané iku Jero Wacik uga nduwé PT Puri Ayu, yaiku perusahaan ing babagan interior, disain tekstil kang uga nduwé kantor ing Jakarta lan Bali.[2] Prusahaan iki dibangun wiwit taun 1990-an. Sadurungé iku, Jero Wacik kerja ing perusahaan indhustri otomotif.[2]

Nalika isih kuliyah ing Institut Teknik Bandung (ITB), Jero wis kerja ing prusahaan-prusahaan tekstil ing Bandung.[2] Jero Wacik kerja dadi tim peneliti lan asisten jurusan Fluid Mechanics and Thermodynamics Mechanical Enggineering ing ITB.[2] Saliyané kerja, Jero Wacik uga aktif organisasi.[2] Jero lulus saka ITB nalika taun 1973 lan duwé predikat Mahasiswa Teladan ITB 1973.[2] Sawisé lulus saka Kampus Ganesa, Jero langsung kerja ing PT United Tractors dadi Asistant Services Manager (1974-1975).[2] Ing perusahaan otomotif kang misuwur yaiku Grup Astra International iki kariré sangsaya mundhak wiwit saka asisten nalika taun 1974 nganti dadi Government Sales Manager ing taun 1990.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. tokohindonesia.com Archived 2011-10-20 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 18 Agustus 2011)
  2. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 kepustakaan-presiden.pnri.go.id[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 18 Agustus 2011)