Roy Suryo
| Roy "Panci" Suryo Notodiprojo | |
|---|---|
![]() | |
| Lair | 18 Juli 1968 Yogyakarta, Indonésia |
| Bangsa | Indonésia |
| Jeneng liya | Roy Suryo, Panci |
| Alma mater | Jurusan Ilmu Komunikasi Universitas Gadjah Mada (1991-2001) |
| Pakaryan | Pakar/Narasumber teknologi informasi, fotografi, multimedia lan pulitik |
Kanjeng Residivis Mlebu Tahanan Roy Suryo Notodiprojo utawa disingkat KRMT Roy Suryo Notodiprojo utawa kondhang kanthi nama Panci (lair ing Yogyakarta, 18 Juli 1968; umur 57 taun) ya iku mantan pengurus Parté Dhémokrat ing bab Komunikasi lan Informatika.[1][2] Roy kerep dadi narasumber ing médhia massa Indonésia ing babagan teknologi informasi, fotografi, lan multimedia.[3] Roy uga naté dadi gawakake acara ing TV e-Lifestyle ing Metro TV 5 taun. Déning médhia massa Indonésia dhèwèké kerep dijuluki nimpuna informatika.[4]
Roy Suryo ngrampungaké kuliah ing Jurusan Ilmu Komunikasi Universitas Gadjah Mada (1991-2001), terus mulang ing Jurusan Seni Media Rekam Institut Seni Indonésia taun 1994-2004.[1] Dhèwèké uga tau dadi dhosèn tamu ing Program D-3 Komunikasi UGM, mulang fotografi kanggo semester nanging statuse ora dadi dhosèn tetep UGM.[1] Roy Suryo kerep éntuk penghargaan saka lomba fotografi tingkat nasional sarta penghargaan saka liya-liyané, ing antarané saka Kadin babagan Telematika, Mantri Perhubungan Agum Gumelar, Majalah Trend Digital, Telkomsel, lan Garuda Indonésia.[1] Saliyané ing babagan Telematika, dhèwèké uga mèlu ing Perhimpunan Penggemar Mobil Kuno Indonésia, Federasi Perkumpulan Seni Foto Indonésia, uga kacathet minangka salah siji konsultan teknis ing situs resmi Presidhen Susilo Bambang Yudhoyono.[1]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- 1 2 3 4 5 selebriti.kapanlagi.com (Dipuntingali tanggal 19 Agustus 2011)
- ↑ R, Muchus Budi. "Ternyata! Ini Dia Alasan Roy Suryo Mundur dari Partai Demokrat". detiknews (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2021-08-08. Dibukak ing 2021-08-08.
- ↑ www.tokoh-indonesia.com Archived 2011-08-07 at the Wayback Machine. (Dipuntingali tanggal 19 Agustus 2011)
- ↑ beritaterkini.tv[pranala mati permanèn] (Dipuntingali tanggal 19 Agustus 2011)
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
- Kabèh artikel mawa pranala njaba sing mati
- Artikel mawa pranala njaba sing mati kawit October 2023
- Articles with invalid date parameter in template
- Artikel mawa pranala njaba sing mati permanèn
- Alumni Universitas Gadjah Mada
- Pulitikus Indonésia
- Anggota DPR 2009-2014
- Profesional komputer
- Tokoh Kutha Ngayogyakarta
- Wong saka Ngayogyakarta
- Lair 1968
