Menyang kontèn

Thierry Henry

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Thierry Henry
Henry naka main kanggé New York Red Bulls
Katrangan priangga
Jeneng dawa Thierry Daniel Henry[1]
Tanggal lair 17 Agustus 1977 (umur 49)[1]
Papan lair Les Ulis, Essonne, Prancis
Dhuwur 1.88 m (6 ft 2 in)
Posisi main Penyerang
Katerangan klub
Tim saiki
Pensiun
Angka 14
Karir nom
1983–1989 CO Les Ulis
1989–1990 US Palaiseau
1990–1992 Viry-Châtillon
1992 Clairefontaine
1992–1994 Monaco
Karir klub*
Taun Tim Main (Gul)
1994–1999 Monaco 105 (20)
1999 Montreal 16 (3)
1999–2007 Arsenal 254 (174)
2007–2010 Barcelona 80 (35)
2010–2017 New York Red Bulls 37 (16)
2012Arsenal (pinjaman) 4 (1)
Karir tim nasional
1997 U-20 Prancis 5 (3)
1997–2010 Prancis 123 (51)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 29 Juli 2012, 02.12 (UTC).

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 11 Fèbruari 2012, 16.56 (UTC)
Patung Thierry Henry ing Stadhion Emirates

Thierry Daniel Henry (IPA: [tjɛ'ʀi ɑ̃'ʀi], lair 17 Agustus 1977; umur 49 taun) inggih punika salah satunggaling juru main bal-balan ingkang asalipun saking Perancis ingkang main minangka penyerang kanggé Arsenal (kaampila saking New York Red Bulls).

Henry miyos lan ngrembaka ing kutha Paris lan wiwit timuripun ningalaken bakat ingkang potensial sanget. Piyambakipun kapanggihaken déning AS Monaco nalik taun 1990 lan lajeng kagabung, nindakaken debut profesionalipun taun 1994. Nalika taun 1998 Henry dipundhawuhi saperlu gabung mlebet dhateng tim nasional Perancis, lajeng piyambakipun pindhah dhateng klub Italia Juventus. Nalika taun 1999 Henry gabung kaliyan klub saking Britania Raya Arsenal kanthi regi 10,5 yuta Pound sterling.

Wonten ing Arsenal Henry dados misuwur minangka juru main kelas donya. Éwadéné wiwitanipun ngalami masa ingkang boten gampil wonten ing Liga Inggris, Henry tetep saged medal minangka pencetak gol ingkang kathah piyambak meh saben musimipun. Wonten sangandhapipun mentor lan pelatihipun, Arsène Wenger, Henry dados penyerang ingkang misuwur sanget lan pencetak gol ingkang kathah piyambak ing Arsenal, kanthi 226 gol. Sesarengan kaliyan The Gunners, Henry kaping kalih menangaken Liga Inggris lan tiga Piala FA, kaping kalih dipunnominasikaken minangka Pemain Paling Apik Donya FIFA, kaing kalih dados PFA Players' Player of the Year lan kaping 3 dados Football Writers' Association Footballer of the Year. Henry nelasaken 2 mangsa pungkasanipun kalih Arsenal minangka kapten, lan kasil mimpin klubipun dhateng final UEFA Champions League. Nalika Juni 2007, sasampunipun 8 taun ing Arsenal, Henry pindhah dhateng FC Barcelona kanthi béya transfer antawis £16,1 yuta.

Henry ugi pikantuk sukses ingkang sami wonten ing tim nasional Perancis, lan menangaken Piala Dunia 1998 lan Euro 2000. Nalika Oktober 2007, Henry nglewati rekor Michel Platini kanthi dados pencetak gol ingkang kathah piyambak ing Perancis. Ing njawi lapangan, dipunlabatrbelakangi déning pengalaman pribadinipun, Henry aktif dados juru wicara anti rasisme ing bal-balan. Kasuksesanipun damel Henry dados salah satunggaling juru main bal-balan ingkang paling laris, Henry asring medal wonten ing iklan kanggé Nike, Reebok, Renault, lan Gillette.

Mangsa Timur

[besut | besut sumber]

Henry minangka keturunan Antillen;[2] bapakipun, Antoine, asalipun saking Guadeloupe (pulo La Désirade), lan ibunipun, Maryse, saking Martinique. Henry miyos lan tuwuh ing lingkungan ingkang keras, ing distrik Les Ulis Paris, ingkang kasunyatanipun gadhah fasilitas bal-balan ingkang saé.[3] Wiwit umur 6 taun, Henry sampun nedahaken potensi ingkang saé sanget, ingkang damel piyamakipun dados anggota klub lokal CO Les Ulis déning Claude Chezelle. Bapakipun ingkang nyengkuyung Henry saperlu ndhèrèk gladhen, déné Henry alit boten remen sanget kaliyan bal-balan.[1] 5 taun salajengipun, Henry main ing sawijining tetandhingan pisananipun kanggé klub mau. Henry lajeng kagabung kaliyan US Palaiseau ing taun 1989, nanging sasampunipun 1 taun, bapakipun wonten prakawis kaliyan klub punika, saéngga pindhah dhateng klub Viry-Châtillon.[2] Pelatihipun ing US Palaiseau, Jean-Marie Panza, ndhèrèk Henry dhateng klub enggalipun, lajeng ing dinten candhakipun dados mentoripun.[3]

Kontroversi

[besut | besut sumber]

Nalika piyambakipun ngontrol bal kanthi astanipun lajeng dipunoperaken dhateng William Gallas lan dipunsundhul, gol, nalika Prancis vs irlandia ing kualifikasi piala donya 2010[3]

Jroning Angka

[besut | besut sumber]
Klub Liga Mangsa Liga Piyala Bawana Gunggung
PanampilanGolPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGol
Monaco Ligue 1 1994–95 83000083
1995–96 1833010223
1996–97 36930914810
1997–98 30450974411
1998–99 1311050191
Gunggung 1052012024814128
Juventus Serie A 1998–99 1633000193
Arsenal Liga Primèr Inggris 1999–2000 3117511184726
2000–01 3517411445322
2001–02 3324511174932
2002–03 3724611275532
2003–04 3730441055139
2004–05 322520854230
2005–06 3227211154533
2006–07 171031712712
Gunggung 25417431108442369226
Barcelona La Liga 2007–08 3012741034719
2008–09 2919111264226
2009–10 2143080324
Gunggung 803511530912149
New York Red Bulls Major League Soccer 2010 1121000122
2011 261431002915
2012 251520002715
2013 301020003210
2014 3010503510
Gunggung 122511310013552
Arsenal (silih) Premier League 2012 41211072
Gunggung karir 581284721713959792360
Tim NasionalMangsaPanampilanGol
Prancis 199710
1998103
199900
200014[A]5
200173
2002103
20031411
2004133
200563
2006168
200765
2008114
200993
201060
Gunggung12351

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 "Goal.com Profile: Thierry Henry" (web archive). Goal.com. 25 Juni 2007. Diakses pada 23 September 2007. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "goal" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  2. 1 2 Thierry Henry Bio, jockbio.com, accessed 13 Pebruari 2013.
  3. 1 2 3 Anthony, Andrew, "Thierry Henry, you're having a laugh", observer.guardian.co.uk, 3 Oktober 2004, accessed 13 Pebruari 2013.