Surat Al Mu’min

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
al-Mu'min
المؤمن
Barkas:Gafir.png
Informasi
Makna Wong kang iman
Nami sanès Ghafir
At-Tawl utawa Zit Tawl
Ha Mim al-Mu'min
Klasifikasi Makkiyah
Surat ka 40
Juz Juz 24
Statistik
Gunggung ruku' 9 ruku
Gunggung ayat 85 ayat

Surat Al-Mu'min (Arab: المؤمن ,"Wong kang iman") utawa Surat Ghafir (Arab: غافر ) iku surat angka 40 sajeroning Kuran. Surat iki dumadi saka 85 ayat, éwoning surat-surat Makkiyah. Surat iki diturunaké sawisé surat Az Zumar lan duwé 3 jeneng yaiku Al Mu'min, Ghafir, lan At Tawl.

Jeneng[besut | besut sumber]

Surat iki duwé 3 jeneng. Jeneng kang kerep dianggo yaiku Al-Mu'min. Déné 2 jeneng liyané yaiku Ghafir lan At-Tawl utawa Zit Tawl. Katelu jeneng surat iki minangka jeneng resmi lan duwé kaitan karo surat iki.

Jeneng Al-Mu'min (Arab:المؤمن ) dijupuk saka kadis nabi[1] kang nyebutaké minangka surat Ha Mim Al-Mu'min karo diawali aksara Ha Mim. Bab iki dianggo mbédakaké karo surat liya kang diwiwiti nganggo ayat Mutasyabihat Ha Mim kang padha kaya surat As-Sajdah kang uga karan Ha Mim As-Sadjah. Saliyané iku, tembung Al-Mu'min kang tegesé "Lanang kang iman" tegesé kisah sawijining wong lanang iman kang ana ing jero ayat 28 surat iki. Wong iki minangka pengikut Pirngon lan wong Qibti. Nanging, wong iki ndhelikaké kaimanané. Nganti sawijining dina nampa dhakwah saka Musa lan mbélani. Wong iki diprtélakaké ing Al-Quran minangka wong kang mbéla dhakwah. Ana sawatara panemu ngenani sapa jeneng wong iki. Sajeroning Tapsir Ibnu Katsir, wong iki yaiku "Habib".[2] At-Tabari berpendapat yèn ia yaiku "Khair". Déné Ibnu Abbas duwé panemu yèn wong iki yaiku "Hazbil" utawa "Hazfil". Lan ana uga kang nyebutaké "Syam'an"[3].

Jeneng Ghafir (Arab:غافر) dijupuk saka ayat angka 3 surat iki kang ing jeroné ana tembung Ghafir. Tembung Ghafir uga minangka salah siji sipat Allah kang tegesé "Ngampuni". Déné jeneng At-Tawl uga dijupuk saka ayat angka 3 saka tembung Zit Tawl kang ana ing pungkasan ayat. At-Tawl duwé makna "Kagungan karunia kang ora pedhot."[4]

Pokok-pokok isi[besut | besut sumber]

  1. Kaimanan: Sipat-sipat malaékat kang mikul 'Arsy lan kang ana ing saubengé; dalil-dalil kang nuduhaké kakuwasan Allah, sipat-sipat Allah kang nuduhaké gedhé lan kaagungan-Né; èlmu Allah nyakup sakabèhané; bukti-bukti kang nuduhaké anané dina bangkit.
  2. Kisah: Kisah Musa karo Pirngon.
  3. Liya-liya: Kuran lan sikap wong-wong mukmin lan wong-wong kafir; panyuwunan wong-wong kafir supaya diwetokaké saka neraka; pepènget marang wong-wong musyrik ngenani kedahsyatan dina kiyamat; anjuran sabar sajeroning ngadhepi kaum musyrikin; nikmat-nikmat Allah kang ana ing dharatan lan sagara; janji Rasulullah yèn wong-wong mukmin bakal menang marang musuhé.

.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Saka Abu Hurairah yèn Rasulullah medhar sabdha, "Wong kang maca ayat Kursi lan wiwitan ayat surat Ha Mim Al-Mu'min, dilindhungi ing dina kiyamat saka pitakonan. (HR At-Tirmizi, Al-Baihaqi lan Ad-Darimi)
  2. Al-Mawardi. Kitab An-Nakt wal 'Uyun. Jilid 5, hal 152.
  3. Kitab At-Ta'rif wal i'lam. hal. 131 lan 151.
  4. EraMuslim. Ust. H. Ahmad Sarwat - Perbedaan jeneng surat dalam Al-Qur'an Archived 2021-03-06 at the Wayback Machine.


Surat Sadurungė:
Surat Az Zumar
Al-Qur'an Surat Sabanjurė:
Surat Fushshilat
Surat 40