Menyang kontèn

Surat Asy Syu’araa’

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
asy-Syu'ara
الشّعراء
Informasi
Makna Para Panyair
Klasifikasi Makkiyah
Surat ka 26
Juz Juz 19
Statistik
Gunggung ruku' 11 ruku
Gunggung ayat 227 ayat

Surat Asy-Syu'ara iku surat angka 26 sajeroning Kuran. Surat iki dumadi saka 227 ayat éwoning surat-surat Makkiyyah. Dijenengaké Asy Syu'ara (tembung jamak saka Asy Sya'ir kang tegesé panyair) dijupuk saka tembung Asy Syuara kang ana ing ayat 224, yaiku ing pérangan pungkasan surat iki, nalika Allah. kanthi mirunggan nyebutaké kalungguhan para panyair Arab ing jaman jahiliyah. Para panyair-panyair iku duwé sipat-sipat kang béda karo para rasul-rasul; para panyair iki diiloni déning wong-wong kang sesat lan seneng mbolak-mbalik ilat lan ora duwé pendirian, tindakan ora cocog karo apa kang diucapaké. Sifat-sipat kang kaya mangkono iku ora ana ing sifaté para rasul-rasul. Amarga saka iku ora patut yèn Muhammad s.a.w. didakwa minangka panyair, lan Kuran dituding minangka gurit, Kuran iku wahyu Allah, dudu gawéan manungsa.

Pokok isi

[besut | besut sumber]
  1. Keimanan: Jaminan Allah tumrap kamenangan perjuangan rasul- rasul lan kaslametané. Kuran bener- bener wahyu Allah kang diturunaké menyang donya déning Malaékat Jibril a.s. (Ruuhul amiin); mung Allah kang wajib disembah.
  2. Hukum-ukum: Kewajiban menuhi takeran lan timbangan; larangan ngowahi gurit kang isi cacian-cacian, khurafat- khurafat, lan apus-apus.
  3. Kisah-kisah: Kisah-kisah Nabi Musa a.s. karo Pirngon; kisah Nabi Ibrahim a.s. karo kaumé; kisah Nabi Nuh a.s. karo kaumé; kisah Nabi Shaleh a.s. karo kaumé (Tsamud); kisah Nabi Hud a.s. karo kaumé (Ad), kisah Nabi Luth a.s. karo kaumé; kisah Nabi Syu'aib a.s. karo kang ndunungi Aikah.
  4. Lan liya-liyané: Kabinasan sawijining bangsa utawa umat disebabaké ninggal pituduh-pituduh agama; tuwuhan kang manéka warna lan owah-owahané yaiku bukti anané Gusti Sing Maha Esa; pituduh-pituduh Allah kanggo pamimpin supaya asifat lemah lembut marang para pangikut; turuné kitab Kuran sajeroning basa Arab wis disebutaké sajeroning kitab- kitab suci biyèn.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  • Mukaddimah Kuran versi pertalan Departemen Agama Républik Indonésia