Surat Ar Rahmaan
Praèn
| ar-Rahman |
|
|---|---|
| Informasi | |
| Makna | Ingkang Maha Mirah |
| Klasifikasi | Madaniyah Makkiyah |
| Surat ka | 55 |
| Juz | Juz 27 |
| Statistik | |
| Gunggung ruku' | 3 ruku |
| Gunggung ayat | 78 ayat |
| Gunggung tembung | 25 tembung |
| Gunggung aksara | 113 aksara |
Surat Ar-Rahman (Arab: الرّحْمنن) punika surat kaping 55 wonten Al-Qur'an[1]. Surat punika kagolong surat makkiyah mawi 78 ayat[1]. Tegesipun Ingkang Maha Mirah[1]. Ar-Rahman punika salah satunggalipun saking nama-nama Allah. Surat punika njlentrehaken kamirahan Allah kaliyan hamba-hambanipun, inggih punika kanthi maringi nikmat ingkang kathah sanget ing donya ugi wonten akhirat mbenjang. Tetengeripun surat punika ukaranipun diwongsal-wangsuli kaping 31 Fa-biayyi alaa'i Rabbi kuma tukadzdzi ban (Mila nikmat Gusti ingkang pundi ingkang panjenengan gorohaken?) ingkang kawontenan ing saben pungkasaning ayat ingkang njlentrehaken nikmatipun Gusti kanggé manungsa.
Pokok-Pokok Isinipun
[besut | besut sumber]- Keimanan
- Ukum-ukum
- Kewajiban ngukur, naker, lan nimbang kanthi adil.
- Sanèsipun
- Manungsa lan jin boten saged mlajar saking kakuwaosan Allah s.w.t.
- Kathah ummat manungsa ingkang boten muji syukur dhumateng nikmat saking Allah s.w.t
- Kadadosan ngengingi prastawa-prastawa ingkang dèrèng kadadosan lan prastawa punika leres kadadosan, tuladhanipun ngengingi Terusan Suez lan Terusan Panama.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ a b c "users6.nofeehost.com". Diarsip saka sing asli ing 2012-06-07. Dibukak ing 2012-06-04.
Pranala njawi
[besut | besut sumber]| Wikisumber bahasa Jawa gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan |
| Surat Sadurungė: Surat Al Qamar |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat Al Waaqi'ah |
| Surat 55 |
| Artikel ngenani Islam iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |