I Babad

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Kitab I Babad iku péranganing kitab Prajanjian Lawas utawa Tanakh. Ing basa Ibrani; kitab iki diarani: divre hayyamim, “sajarah padinan-dinan”. Ing septuaginta basa Yunani, kitab iki diarani paraleipomena, sing tegesé “apa-apa sing ditambahaké” (suplemen).

Kitab I Babad lan II Babad sapérangan gedhé isiné kadadéan-kadadéan sing wus cinaritaaké ing kitab Samuel lan kitab Para Raja. Anging ing jero kitab Babad, kadadéan-kadadéan iku olèhé carita saka sudhut pandhang sing séjé. Sajarah karaton Israèl ing sajeroning kitab Babad ditulis amarga alesané ana loro:

  1. Kanggo nuduhaké yèn sanadyan karaton Israèl lan Yudea katiban ing bancana, anging Allah isih tetep ngasta janji-Ne marang bangsa iku lan nindakaké rancana-rancana-Ne kanggo umat-E ngliwati wong-wong sing padha manggon ing Yudea. Sang panulis yakin bab prakara iku amarga dhèwèké eling prakara-prakara gedhé sing wis diraih Dawud lan Salomo, sarta panganyaran-panganyaran sing wis diusahaaké déning Yosafat, Hizkia lan Yosia. Banjur uga isih ana wong-wong sing tetep setya marang Allah.
  2. Kanggo nyritakaké asal-mulaning upacara ngibadat ing Baitallah Yerusalem. Utamaning susunan kalungguhan imam lan wong-wong Levi sing nduwé tugas mimpin upacara-upacara ngibadat iku. Sanadyan Baitallah ing Yerusalem iku yasané Salomo, nanging ing kitab iki ditulis yèn Dawud sajatiné sing yasa Baitallah karo upacara-upacara ngibadaté.