Masjid Baiturrahman Sungayang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Masjid Baiturrahman Sungayang
Masjid Baiturrahman Sungayang.JPG

Masjid Baiturrahman Sungayang

Wedharan dhasar
Papané Nagari Sungayang, Kabupatèn Tanah Datar, Sumatera Barat, Indonésia
Kanggo agama Islam
Kartangan wangunan
Jinis wangunan Masjid
Taun rampung 27 Dhésèmber 1916
Béya pangadegan Rp4,059 miliar[1]
Spesifikasi
Menara 4

Masjid Baiturrahman Sungayang ya iku masjid tuwa dhéwé ing Indonésia kang panggonané ana ing Nagari Sungayang, salah sijiné kenagarian kang dohé sakiwa-tengené pitu km saka Batusangkar, Kabupatèn Tanah Datar, Sumatera Barat.

Masjid iki dibangun awit kesepakatan masarakat ing wewengkon kono nalika taun 1910-an ngélingi masjid sadurungé ing Nagari Sungayang wis ambruk. sawisé rampung dibangun nalika akir taun 1916, masjid iki pernah ngalami pira-pira renovasi kayta nalika taun 1926 akibat lindhu Padang Panjang, lan nalika taun 1988.[2] Nanging, masjid iki ngalami rusakan parah akibat lindhu padha taun 2007 saéngga bangunané diambrokaké total amarga dideleng wis ora layak manèh dienggo. Pembangunan manèh masjid iki dilakokaké ora suwi sak wisé iku lan pengerjaané rampung nalika taun 2011.

Saiki, saliyané minangka aktivitas ngibadah umat Islam, masjid iki uga digunakaké minangka sarana pendhidhikan agama kanggo masarakat sakiwa-tengené. Masjid iki karan-sebut minangka salah siji masjid paling megah ing Sumatera Barat.[3]

Sajarah[besut | besut sumber]

Papan panggona masjid iki ora uwal sak sajarah ngadegé Nagari Sungayang nalika taun 1892, kang sedurunge ing jaman kolonial Walanda wewengkoné digabungaké karo Nagari Tanjung.[4] Sawisé dumadi, Datuk Paduko Rajo diangkat miangka kepala nagari déning Walanda, lan nalika taun 1910, dhèwèké digantikaké déning Datuk Gadang Majo Lelo. Sajeroning salah siji musyawarah kang dianakaké déning Datuk Gadang Majo Lelo, masarakat Nagari Sungayang sepakat kanggo yasa salah sijiné masjid, balai adat, pasar, lan kantor nagari. Nalika 27 Dhésèmber 1916, pembangunan masjid rampung dikerjakaké lan diresmikaké kanti jeneng Masjid Baiturrahman.[5]

Nalika taun 1926, masjid iki mèlu ambruk akibat lindhu kang ngratakaké Padang Panjang lan sekitaré.[6] Payoéné kang lima tingkat ambruk rong tingkat. Sawisé dilakokaké revovasi kanti tanpa ngubah wujud asliné, aktivitas-aktivitas ing masjid iki kang sadurungé pernah mandeg akibat lindhu wiwit diuri-uri manèh utamanè awit baliké Mahmud Yunus saka Mesir. Saliyané kagiyatan keagamaan, kagiyatan-kagiyatan kemasyarakatan kerep uga dianakaké ing lingkungan masjid iki. Ing jaman pendudukan Jepang, diwangun pelatihan ketentaraan kang dijenengi Barisan Pemuda Masjid Baiturrahman, lan nalika awal masa revolusi kemerdekaan, diwangun uga wadyabala Sabilillah, kang sebanjurè gabung karo Tentara Keamanan Rakyat (TKR).[7]

Pembangunan manèh[besut | besut sumber]

Nalika taun 2007, masjid iki ngalami kerusakan parah manèh akibat lindhu kang ngguncang sejumlah laladan ing Sumatera Barat. Nanging ngelingi kondisi yasan kang dideleng wis ora layak manèh dienggo, yasan masjid iki diputusaké kanggo dibongkar. sebanjuré berkat bantuan masarakat kono lan para perantau sarta bantuan liyané, Masjid Baiturrahman Sungayang bisa ngadeg manèh nalika taun 2011.[1] Pembangunan manèh masjid iki ditindakaké suwéné 46 wulan, awit 11 Agustus 2007 ngantié 30 Juli 2011, lan diresmikaké déning Gubernur Sumatera Barat waktu iku, Irwan Prayitno nalika 3 September 2011.[8]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

Pratélan pustaka[besut | besut sumber]